Cerkak 12 IPS 4 SMAN 3 JOMBANG Tahun ajaran 2016/2017


 Jika Aku Menjadi Presiden
Dening : Muh ilham


 Yen aku dadi presiden, aku pengen kabeh gratis. Sekolah gratis, rumah sakit gratis, mangan gratis, pokoe kabeh gratis. Iso ora yo? Yo embuh. Pokoe aku kudu gratis ne kabeh sing dipengeni wong Indonesia. Jenenge wae dadi presiden. Kudune aku iso, kan duwe kuoso.  Gari perintah menteri, tentara, polisi, juk beres. Opo sepele iku? Ora musti yo. Presiden iku duwe tanggungjawab gede. Dadi, ora mung ongkang-ongkang perintah-perintah sakpenake dewe. Tapi, emang presiden iso mrintah-mrintah sopo wae.  Yen aku dadi presiden, pertama, aku pengen sekolah gratis. Men sopo wae bocah-bocah sing ora iso ngrasake sekolah iso pinter. Bocah jalanan opo mereka sing ora due duit iso dadi pinter. Pokoe kudu sekolah gratis. Titik ra gae koma.  Keloro, aku pengen ning rumah sakit ora bayar. Pokoe gratis nganti mari. Mesaake wong loro sing ora due duwet kudu miki pie carane nglunasi biaya rumah sakit. Yen digratiske, iso ugo kabeh rakrak Indonesia sehat. Plus, sekolah gratis, wes sehat pinter sisa.  Iso ora iku kawujud yen aku dadi presiden? Mungkin wae. Asal, aku kudu sinau pinter soko saiki. Juk, nglanjutke sekolah sak duwur-duwure. Yen wes ngono, cita-cotakku sing pengen dadi presiden iso kawujud. Yen aku dadi presiden, aku pengen ngono. Yen koe pie?

Liburan ke Bali


Dening : theo Z



Prei dowo juk plesir ning Bali pancen jos. Budal numpak motor mabur blas ra kroso. Ujug-ujug uwes tekan Ngurah Rai juk langsung ning hotel. Iki pengalaman ku pas prei semesteran wingi dulan ning Bali karo bapak ibu. Yen aku ning Bali, juk kowe nandi?



Seneng banget atiku pas bapak ngendika yen rep ngajak sekeluarga plesiran ning Bali. Numpak motor mabur pisan. Kapan meneh iki iso ning Bali mabur. Koyone, bapak lagi oleh rejeki mendadak. Ora ono udan karo gledek kok ujuk-ujuk ngejak ning Bali.



Aku ra takon langsung angguk angguk wae. Sing penting iso dulan ning gone turis. Bali pancen terkenal ning mancanegara. Akeh turis asing sing dolan mrono nganti berminggu-minggu malah iso uga sasenan. Mboh duite akeh yakke kok ning Bali nganti tahunan.



Budal numpak Air Asia jam 8 isuk, eh jam 9 punjul titik wes tekan Bandara Ngurai Rai. Aku mangkat soko Bandara Adi Sucipto Jogja. Mendarat ning bandara langsung merapat ning hotel. Mangan juk adus meneh mergo sumuk, juk mlaku-mlaku ning sepanjang dalan Legian.


Kesel tapi puas. Juk iku langsung ning Kuta. Nonton pantai apik banget nganti srengene amblas ning kulon. Oh koyo ngene tho Bali iki. Aku ndeso tenan cen iki emang kepisan aku lungo ning Bali. Mugo mugo wae bapak oleh rejeki neh sing akeh men iso diajak plesiran ning kene neh. 

BELAJAR KELOMPOK

Dening : Abdul malik (01)

Ing dino minggu aku lan konco-konco arep kerja kelompok sosio ing griyane Dinda. Neng kelompok sosioku enek 5 arek seng jenenge yaiku Sinta, Yuda (aku), Dinda, Arip lan Bagus. Lah kelompokku iki diwehi materi gurue bab 1 yaiku “ Dampak Modernisasi ing Bidang Ekonomi “. Sak urunge kulo mangkat ten griyane Dinda , kulo nyusol rencang kulo Arip. Lah ing tengah dalan kui aku lali yen ora gowo STNK, kok delalah neng dalan searah seng tak lewati kui enek oprasi. Aku ate melayu melbu jero gang nanging wes apesku ing ngarep gang iku uwes ono polisi seng jogo neng gang kui. Aku ditangeleti kale polisi kui “ pundi surat-surate kale sime sampean dek “ kulo wangsulan “ niku pak stnk kulo keri ten griya kulo niki mau gupoh bade kerja kelompok ten griyane rencang kulo, niki kulo mung betoh sim mawon” polisi nipun wangsulan “ yawes sak niki sim e adek kulo tahan soale adek mboten beto stnk, lah niki surat tilange lan sidange tanggal 14 september sesok kui ” kulo wangsulan “ oalahh ngge pak mboten nopo-nopo “. Lah sak wise ketilang iku aku mangkat ten griyae Arip, lah ten griyae arip niku kulo ngentosi cah e suwi tibake cah e jek tas tangi turu “ lor rip sampean ora siap-siap opo nek ate kerjo kelompo sosio iki nang griyae Dinda “ Arip wangsulan “ hehehe ngapunten yud kulo bar tangi turu, sek yo yud aku tak ados sek ben seger “ aku wangsulan “ oalah!! Yowes ndang ados-ados sek rip, seng resik yo nek ados ben gk mambu kecut “ . sak wise iku kulo lan arip mangkat ten griyae dinda, lah neng dalan kui moro-moro telponku muni teros kulo mandek lan bukak hpki, kok delalah seng telpon kui mau dinda “ tekok endi yud kok nganti jam yamen sampean kale arip kok dereng dugi “ kulo wangsul “ oalahh ngapunten din iku mau kulo tasek ngenteni arip ados, ngge sepurane yen kulo lan arip keri teko e “ dinda wangsul “ oalahh.. iyo yud rapopo yowes ndang mangkat ati-ati yo neng dalan ojo ngebut-ngebut hehe “ kulo wangsul “ iyo din, yowes aku tak mangkat nang omahmu “. Sak wis e iku aku lansung budal nang griyane dinda, tibake ten griyae dinda lare-lare pon podo ngentosi kulo lan arip soale ten griyane dinda niku lare-lare pon podo ngentosi suwi “ ngapunten rek kulo lan arip niki telat “ dinda wangsul “ iyo yud rapopo, pancen arip kui yen dinten minggu ngebo wae. Yowes ayo ndang dimulai sinaue “.  

Alhamdulillah sinau bareng kui mari jam 11 awan, sak wis e sinau aku lan konco-konco mangkat tumbas bakso karo melaku-melaku ben pikiranipun dadi fresh mboten penat. Akhire kulo lan konco-konco mantok lan istirahat.

Talining Asmara Kang Kacek 5 Taun
dening : Ilham I ( 13 )
Ngudi kaweruh lan golek ilmu iku pancen kewajiban. Ilmu basa, pengetauan lan sak piturute. Ilmu dibutuhne tiap manungsa ben iso mbedakno seng apik lan olo tumindake, pituture lan sak piturute. Aku sadar yen mung ilmu seng diwenehno guru ning sekolahan ora cukup, mulane aku les supaya ilmu seng tak duweni tambah akeh. 
Ing sawijining dino, ana program debat saka les les an. Aku diutus dadi penyanggah opo seng diwacakno karo salah sawijing koncoku. Jenenge yaiku Cheria. Omongan saka omongan nalika aku debat, akeh masalah seng tak bahas. Masio lek ku nyangga iku angel nanging areke isih iso wenehi wangsulan pitakonanku. Sak banjure program debat rampung, aku nyawang sinawang lang ngomong dewe. “Wes pinter, ayu, sholehah & ngajeni marang wong. Jan jos tenan arek iki. Duh Gusti nopo niki wangsulan donga kulo saben dalu ? Yen jodo ora bakal nang endi.” Saben Cheria maju ning ngarep atiku soyo bungah sanget.
Nalika ujian ngomong karo turis ning Borobudur, bocahe nguwasi lan mesem nang aku. Marai aku kelingan terus marang areke. Opo iki seng jenenge tresno ? Sak banjure ujian, tak wanekne kenalan karo areke senajan umurku karo areke kacek 5 tahun nanging niatku apik. Saben dino aku sms takok takok sak bendinane. 2 tahun ndek wingi pas ulan posoan, aku ngajak buka poso bareng karo areke. Nanging ora diolehi wong tuwane yen aku karo areke, amrih areke ngajak koncone. Iku kepisan kaline aku ngajak areke metu. Sinambi mangan aku takon lan ngempet isin isin seneng. Lumrah lah jenenge iseh seng kepisane. Soyo suwe aku kroso yen mundak akrab lan sreg nang aku mergo guyon liwat sms lan telpon sak bendinane iku. 
Wektu iku Cheria njalok tolong aku diterne ning puskesmas ploso mergane arep praktek nggo ngelaksanakne tugas saka kampuse. Mung 2 ulan praktek tapi rasane suwe lan adoh marang areke. Arep nyambangi isin yen gak disambangi kangen. kanggo ngobati kangenku marang cheria, saben 2 dino pisan tak telpon nakokno kabare. Aku ora nyongko seng tak cedeki arek kuliahan nanging atiku sreg, nyaman lan tresno. Aku mung pasrah marang kersane Gusti, seng penting aku wes usaha. 
2 taun kepungkur wes tak lakoni bareng ambek cheria. Merga talining asmaraku karo Cheria wes lumayan suwe, gelem ora gelem kudu njalok restune marang tuwo. Percuma yen podo senenge nanging ora direstuni, ora bakal iso dapuk dadi siji. Yen wong tuaku loro2ne lan ibuke cheria wes mesti direstuni mergane kawit awal cedek wes cerita. mung siji seng gorong yaiku restu saka bapake cheria. Bapake cheria yen pilih mantu utawa calon bojone kudu sak sreg e bapake. Aku balik  ngeleng apa seg tak dadekna prinsip. ora mung usaha nanging ikhtiar lan khususoni saben shubuh rutin tak lakoni kanggo bapake ben nrima aku, Kunci saka guru ngajiku.

Riyaden fitri taun iki paling seng dipilih Gusti Allah kanggo aku ketemu karo bapake cheria. Kedadean seng ora bisa disongko niatku pingin ketemu cheria malah ketemu karo bapake nang sanding omahe. Rasa ndredeg lan keringetan nalika bapake ngutus aku pinarak nang omahe. Aku ora pedot moco donga lan tak sebulke irih-irih kanggo bapake. Ati tambah ndredeg nalika bapake wenehi pitakon marang aku. Nanging aku pede jawabe. Jurus jitu tak tokne kabeh ben bapake gelem nrima aku. Jam 9 bengi aku pamit mantuk, sak banjure aku mantuk cheria takok nang bapake. “pak, pripun ?” bapake wenehi wangsulan “bocahe sopan, ganteng nanging isih sekolah, ya ora apa-apa”. Cheria mung mesam mesem. Seneng, guyon, lara lan sak piturute wes mesti onok tiap talining asmara. Akeh pengalaman seng iso dijupuk saka iku, ora mung cukup seneng lan bungah nanging westi enek larane utawa gak kepenake. Mula yen wes kena usaha, tirakat lan donga, insyaAllah apa seng dikarepno iso keturutan.

Kopi ing mangsa rendeng
Dening :  Achmad april ainun f ( 02 )
Wektu subuh 
“ Rasane aku kangen sliramu  nalika nyesep aromaneng kopi ing antaranipun slambu biru”.  Raisa bocah kang ayu rupane lan nduweni bakat nyanyi kang merdu. Saben dinane dekne mesti ngewangi ibune masak lan nyapu latar omahe. 
“Sa... raisa “ ibuknne raisa mbengok
“Nggih buk,  Nopo?”(jawab raisa karo mlayu ngampiri ibune)
“ibuk tumbasno tomat nduk, gawe nyambel” jawab ibune
“nggih buk”  saute raisa
Wektu iku wes jam 5.30 isuk sakwise raisa tuku tomat dekne langsung adus lan nggawe seragam sekolah.
“buk raisa kajenge bidal sekola” Raisa pamitan nang ibune.\
Sakbendinane cah ayu kuwi mesti budal karo aku. Soale omahe cedek karo omahku. Jeneng ku april utowo lengkape Achmad april ainun fajar seng artine yoiku arek seng ngganteng dewe. Aku karo dekne sekola ing SMA 3 Ronggolawe, 
“sayang “ bengok ku nang ngarep omahe raisa karo ngguyu
“ikolo disusul kancamu sa cepetan “ ibukne raisa mbengok
“eggih buk” jawab e raisa.
Aku lan raisa budal sekola koyok biyasane lalalalaaa.
Nang kelas.
Wektu iku enek dawuhan soko guru soal lomba antar kelas tanggal 19 september 2016.
 “Juarane se mestii raisa aku gak tau oleh juara pas enek lomba opo ae . hahahaha....” omongku nang njero ati.
Jare gurune Enek lomba nyanyi, moco puisi lan pidato. 
“Tapi koyokne seng lomba nyanyi iku iso duwet aku karo raisa weh keren paling...” aku ngayal karo nguwasi raisa seng uayu tenan.
Sakwise dawuh gurune langsung nerangke pelajaran dino ikuu. 

Muleh sekolah
Saben muleh sekola Aku mesti karo raisa lungguh ing kantin  sekola. Lan mesti geguyonan bareng karo konco konco kelasku.
Bla bla bla... suwi terus aku iling
“Sa yokopo lek engko bengi  ngafe bareng ” aku mbisik i raisa kalem kalem.
“oke ” jawab e raisa 
aku sueneng lan mbengok “yess... hahaaa”  
“Kon iku lapo to? “ frani  kaget 
Terus muleh kabeh.

Jam 7 bengi
Wah lakok mendung iki aku kate ngafe mosok gak sido alah alah kaet ngafe pisan ae mosok kudanan, wes tatag ae lah” aku nekad budal nyusol raisa.
Raisa wes siap budal lan pamit ibukne” buk aku kate ngafe karo april sek  dilut”
Aku budal karo raisa 
Pas teko kafe eposs udan ne dueres aku lan raisa lungguh lan pesen kopi sianida sing jarene enak.
“Mas kopi sianidane 2” omongku nang sing dodol
Aku lungguh nang mejo nomer 12 karo raisa.
“Tepak e iki mau udan benderan tambah sip” aku nomong karo ngguyu
“Iyo pril” jawab e raisa ngakakSepatu anyar
Dening : ACHMAD HADI S ( 03 )
Ing pasar adhine paijo nangis jalik sepatu anyar.sepatune adhine pancen wis bolong lan elek.adhine paijo jenenge rina seng umure 5 tahun.paijo sayang banget karo adhine mergo ik adhine siji-sinine.paijo saka keluarga sing ora nduweni,bapak e buruh bangunan lan ibune dadi tukang umbah umbah.
“mas tukokno sepatu seng warna putih iku,ketok e apik” jaluk rina seng kate nangis.
“mas ora nduwe duwik dek,iki duwik e arep gawe mbayar sekolah “jawab mas e sing melas .
Senajan ora ditukokno rina tetep meneng nrimo.bocah cilik iku pancen wis ngerti menowo uripe rekasa,kanggo mangan ae wis angel opo maneh tuku sepatu.
Sawise teko sekolah lan mbayar  paijo moleh ng omahe seng koyok gubuk nanging tetep rapi disawang,mergane paijo bocahe sregep lan manutan.omahe soko gedek lan wes rapuh dipangan rayap,nanging ngarep omahe keh kembang seng podo mekar.
Senajan paijo soko keluarga sing ora nduwe,nanging bapak e pingin paijo anak e dadi wong sukses lan pingin nyekolahno nganti perguruan tinggi.bapak e ora kecewa mergo paijo iku siswa sing pinter ning sekolahane.bengine pas paijo arep sinau,bapak e ssing tas balik kerjo ndilok i paijo .
“jo ,kowe kudu dadi wong sing berguna lan luwih tekan bapak sing dadi kuli bangunan” ngendikane bapak e paijo.
“enggeh pak kula ajenge usaha “
Isuk-isuk akas temen paijo wis tangi lan myiapno sepeda sing arep digawe sekolah.paijo mangkat isuk mergo paijo arep melok lomba cerdas cermat sing diadakno sekolah .sawise siap paijo pamitnang wong tuane.
“pak ,bu, kula budal rumiyen .moga –moga kula saget dados juara lomba lan aget numbasno sepatu kanggo rina” pamite paijo ambek salaman nang wong tuone.
“yo amin.ati –ati yo jo” ngendikane bapak.
“mas engko tuku sepatu yo?” adine sing sumringah sing arep ditukokno sepatu anyar.
Tibane ning sekolah paijo deg-deg an mergo ning sekolah e wis rame lan ana peeserta liyo sekolah.ing sekolah yo dipasang umbul-umbul werna –werni,tembok sekolah wis dicat awarna oren sing apik.
Ing lomba pijo iso jawab soal sing diwoco dewan juri nganti bener .iki waktune pengumuman juara,ternyata sing oleh juara siji paijo.paijo langsung nerimo piala karo amplop sing isine piagam karo duwik .paijo balik nang omah karo seneng.
“assalamualikum bu,pak.”
“wa’alaikumsallam ana apa jo ?” takoke ibue paijo.
“bu, kulo nerima juara 1 lan rina iso duwe sepatu anyar.”
“Alhamdulillah jo, anakku pinter temen. Ibu tambah sayang marang kowe.” Ngendhikane ibu mareng paijo.
Paijo langsung budal ngajak adhine nang pasar tuku sepatu. Adhine seneng lan semringah di tukokno paijo sepatu.



Ora bersyukur
Dening : Ahmad Rizki Darmawan ( 04 )


      Jenengku Nur Hidayanti.Wong tuwaku njenengake Nur Hidayanti kuwi supaya aku tansah entuk panyinaran hidayah saka Gusti Allah.Undang-undanganku Yanti.Umurku 17 taun, kelas XI ing sawijining SMA Arep dakceritakake nalika aku isih sekolah SMP kelas VIII biyen. 

     Nalika aku SMP aku sempet mikir.Kenapa Gusti Allah ora adil marang aku? Aku diciptakake duwe kekurangan lan kelebihan.Aku iya tau meri marang Asti, kanca sakelasku sing pinter main volley tur anake wong sugih.Nanging, piye maneh aku ora duwe bakat olahraga apa wae.

     Aku uga meri marang kanca-kanca wadon sekelasku.Kabeh pada duwe Komputer jinjing utawa Laptop.Saben bocah merk Laptope kuwi beda-beda, jarang yen ana sing pada paling iya siji loro bacah sing merk Laptope pada.Yen ana tugas saka Bapak utawa Ibu guruku sing kudu ngetik, aku mlayu menyang warnet utawa tak manfaatake Komputer-komputer sing ana ing Laboratorium Komputer ing 

sekolahanku.Ora Laptop wae sing lagi ngetrend  ing kelasku, HP uga ngetrend pisan.Kanca-kancaku pada duwe HP sing LCDne isa di geser ngandi-andi utawa touch screen.HPne kanca-kancaku kuwi pada larang-larang lan apik-apik.Regane mulai 1 yuta mandhuwur.Aku uga duwe HP, tapi HPku iku kagolong HP biasa jaman lawas.Aku uga kepingin HP sing anduweni fiture sing lengkap lan kena disambungake marang internet.Sejatine, aku mung anake wong ora duwe.Isa mangan lan bisa sekolah wae wis luwih teka cukup.

     Aku iya sempet ngerasakake minder utawa ora percaya diri jalaran penampilanku kuwi biasa-biasa ora kaya kanca-kanca wadonku sing liyane.Kanca-kancaku, yen tas wis oleh telung wulan ndang cepet-cepet ganti tas anyar.Tapi, tasku wis oleh setaun ora jaluk ganti marang wong tuwaku.Tasku uga akeh jaitane.Aku uga ora duwe klambi-klambi sing apik-apik.Klambiku iku rata-rata diwenehi tanggaku sing jenenge mbak Indah.

    Aku mulai sadar yen aku duwe kalebihan  wektu sewiji dina aku mulih sekolah.Aku mlayu menyang kamarku lan ing kono ana saklembar kertas kosong.Aku eling yen wektu aku ndelokinternet ing sekolah mau isuk ana Lomba Cerpen Remaja se-Kabupaten kang hadiahe trophy lan duwit  Rp 1.000.00,00, gawe Juara 2 Rp 750.000,00, gawe Juara 3 Rp 500.000,00 lan uga entuk pembinaan saka Pembina teka SMP Bakti Oetomo Jakarta.Hadiah sing ditawanake uga marai aku seneng lan kepingin melu partisipasi ing lomba kuwi.Aku iseng nulis cerpen gawe melu Lomba kasebut.Akhire, rong dina gawe cerpen kasil cerpen karanganku dewe sing kajudul ‘’Mimpi’’.Cerpen kuwi dakgawe s isine kuwi ana bocah sing jenenge April sing anduweni mimpi dhuwur lan kepingin nggayuh mimpi sing duwur kasebut tapi ora isa jalaran ora ana bandane.Lan sesuk e ing sekolah, aku jaluk tolong gaweno E-mail utawa surat elektronik marang kancaku.Maklum, aku iki bocah Gaptek utawa gagap teknologi.Sawise mari gawe alamat E-mail sing dak pengeni, banjur tak kirimno marang alamat e-mail panggonan Lomba nulis cerpen dianakake kuwi.Kurang luwih seminggu aku ngenteni pengumuman pemenang lomba kuwi, akhire ing dina minggu aku disms kancaku yen aku dadi juara 3 Lomba nulis cerpen remaja tingkat Kabupaten kuwi.Aku kaget, seneng tur bangga amarga aku dadi pemenang ing lomba kasebut.Banjur dak kandakake marang ibu lan bapak yen ak berhasil menang ing lomba kuwi.Wong tuwaku bangga marang aku.Aku seneng banget yen ngerti tanggepan wong tuwaku positif lan ngedukung hobi anyarku kuwi.Saka lomba kuwi, aku entuk duwit Rp 500.000,00.Aku seneng amarga saka hobi anyarku nulis mau, aku isa ngasilake duwit kanggo mbayari sekolahku lan uga gawe keperluan liyane.

     Sakjege peristiwa kuwi, aku dadi seneng banget karo nulis.Saben dina, yen ana waktu kosong, aku mesti nulis cerpen.Sekolahanku kuwi ngerti hobi anyarku kuwi.Akhire, banjur aku dimelukake lomba-lomba nulis cerpen nganti tingkat Nasional.Ing omahku, akeh piala pemenang lomba-lomba nulis cerpen.Piala pertama sing dakoleh wektu lomba nulis cerpen remaja kuwi dakseleh ing kamar.Akhire, yen aku wis mlebu SMA, aku bakal milih jurusan Bahasa.Alasanku arep milih  jurusan kuwi amarga aku kepingin nekuni bidang Bahasa khusus e nulis.Saka hobi nulisku iki, aku duwene cita’’ dadi guru Bahasa Indonesia utawa penulis cerpen utawa novel terkenal sok mben.Aku bangga marang awakku dewe.Aku isa mbuktina marang wong liya, yen kemiskinan ora penghalang gawe nggayuh mimpi kang dhuwur.




          MANGETI KEMERDEKAAN INDONESIA

                                        Dening : aisyah A ( 5)
Ing desa Bangah, kecamatan gedangan, Sidoarjo, ana loro sahabat, Aisyah lan Nia, bocah loro iku dadi kanca wes suwi tekan jek cilik nganthi saiki wes dadi bocah wedok sing ayu. Tapine loro sahabat iki ora iso bebarengan terus, amerga Nia kudu pisah karo sahabate Aisyah sing pindah menyang Jombang. 


Wis 8 taon, loro sahabat iki jarang ketemu. Dino Sabtu, 3 September 2016, Aisyah pingin ngewenehi kejutan nang sahabate Nia, Aisyah lunga nang Sidoarjo meneng-meneng ora kanda ndisek ing Nia. Pas Aisyah wis nyampek kono, deweke langsung nang omahe Nia, untunge Nia gorong teko omah. Gawe ngenteni Nia sampek teko omah, Aisyah ngewangi tetanggane sing nang kunu gawe persiapan karnaval mangeti kemerdekaan Indonesia.


Pas Aisyah ngewangi gawe persiapan karnaval, sahabate Nia teko omah. Nia kaget lan seneng isa ketemu sahabate sing wis jarang ketemu iku. Loro sahabat iku langsung omong-omongan lan guyonan. Nia ngongkon sahabate gawe melok partisipasi karnaval, tapine Aisyah ora gelem. Akhire Nia mekso Aisyah gawe melok, gelem gak gelem akhire Aisyah melok karnaval.

Suwene karnaval iku, Aisyah lan Nia guyonan terus, foto-foto nganthi didelok wong akeh. Sawise melok karnaval, loro sahabat iku langsung moleh menyang omah, pas tekan omah podo keturon amerga kepegelen, tangi turu wis wayahe sembayang mahgrib. Loro sahabat iku langsung adus terus sholat. Sawise sholat loro sahabat iku metu, Nia ngenalno sahabate Aisyah nang kanca-kancane. Aisyah, Nia, lan kanca-kancane seneng isa guyonan lan omong-omongan bareng. 



                               “PREIAN ING JOGJA ”
                                                Dening :  ALDI DAVID PRASETIYO ( 06 )

Prei munggah kelas wingi aku kaliyan kanca-kanca preian ning Yogyakarta. Propinsi istimewa iki duwe akeh obyek wisata sing apik banget. Mulai soko obyek laut, gunung, sejarah, candi, lan pirang-pirang liane.
Budal numpak bis jam 20.00, aku, lan kanca-kanca mudun ning restoran, Jogja. Lumayan cepet numpak bis Jombang- Jogja. Ora kroso reti-reti wes tekan Yogya. Sak marine ng restoran aku lan kanca-kanca mangan-mangan

Sak wis’e mangan-mangan aku lan kanca-kanca budal nang Goa Pindul. Pas nang Goa Pindul, aku lan kanca-kanca njebur numpak ban soale kedalaman banyune iku 15 meter. Sak wis’e njebur aku adus persiapan kate nang Pantai Kukup


Nang Pantai Kukup gak oleh njebur, sak wis’e nang Pantai Kukup aku lan kanca-kanca budal nang restoran. Pas tekan restoran aku adus, sembayang, trus mangan-mangan. Nang njero restoran iku onok lift, trus aku dulinan lift karo konco-konco. Dulinan lift seru banget, pas lawang’e kate nutup tanganku tak tokno, dadine lawang’e gak sido nutup.

Sak wis’e dulinan lift, aku lan kanca-kanca nggarai arek nang jero kamar, nggaraine iku sakben lawang hotel tak ketuk’I terus mmluayu, sak wis’e iku aku lan kanca-kanca pegel terus mbalek nang kamar’e dewe-dewe.
Pas nang jero kamar iku aku ndelok tv, ketepak’an onok siaran bal-ba’an Barcelona vs Sevilla. Club favoritku iku Barcelona, dadine aku gelem ndelok sampek buyar’e. Buyar’e iku jam 02.00, sak wis’e buyar aku turu jejer Farhan. Jektas aku turu Farhan nglindur langsung ngerangkul aku. Awakku gak iso obah terus akhir’e tangane Farhan tak alehno terus aku iso turu.


Sak wis’e tekan hotel aku nang Universitas Gajah Mada. Sak wise nang Universitas Gajah Mada, aku lan kanca-kanca nang Malioboro tuku oleh-oleh. Sak wis’e tekan Malioboro aku lan kanca-kanca mbalek nang Jombang. Pas teko Jombang iku jam 02.00, aku langsung moleh terus turu 




JUARA
Dening : Deddy Bagus Setyawan (07)

Pas dino minggu aku lan kanca kanca tim balbalan saking SMPN 1 Jombang wis sampek babak final kompetisi. Wis akeh pertandingan seng wis dilakoni akhire tim balbalanku sampek nang puncak kompetisi utawa final. Ten final bakal ketemu SMPN 3 Jombang. Aku  pun ngerasa ketir ketir amarga ketemu SMP 3, Soale SMP 3 tahun wingi juara lan saiki pemain e tambah enak enak. Jam 2 aku lan kanca kancaku budal menyang stadion saking omahe lana. Sampek e nang stadion kulo mboten langsung ganti klambi nanging kulo garai konco. Pelathku ngerti lak aku garai koncoku seng ganti klambi aku langsung diseneni pelatihku. Aku dihukum pelatihku dikongon nyanyi lagu indonesia raya, sakwise iku langsung aku ganti
Aku mudun nang lapangan dikongon pelatihku pemanasan. Pas pemanasan aku guyon maneh sampek akhire aku dikongon ngglundung 10 kali ambek pelatihku. Aku nguwasi pemanasan e SMP 3 rasane wedi amarga arek arek semangat semangat lan kompak ambek ora ono seng guyon. Arek e kabeh podo serius jalano opo seng dikongon ambek pelatihe. Sampun jam setengah 4 aku ambek konco koncoku dikongon kumpul ambek pelatihku. Kabeh podo meneng soale iki waktu e serius aku dewe ora wani guyon maneh lak pas waktu e iki. Pelatihku ngekeki instruksi sopo seng bakal main disek. Alhamdulillah aku dimaino ambek pelatihku, terus pelatihku ngomong “ aku percoyo ambek awakmu kabeh, mosok awakmu gak percoyo ambek awakmu dewe” pelatihku ngomong ngunu iku kangge motivasi aku lan kancaku kabeh.
11 pemain seng dipilih ambek pelatihku iku mau melbu lapangan. Sak durunge main kabeh pemain lan penonton seng onok nang stadion dikongon ngadek ambek panitia soale arep nyanyi lagu indonesia raya, kabeh penonton ngadek lan langsung mulai nyanyi e. Sakwise nyanyi langsung wasit mulaino babak pertama iki. Nang babak pertama iki aku ambek kanca kancaku diserang terus ambek SMP 3. Akhire timku kelebon nang menit sekitaran menit 33. Sampek babak pertama mari timku sek diserang terus ambek tim SMP 3. Wasit nyemprit peluit e tanda babak pertama wis mari. Pas istirahat pergantian babak pelatihku mung ngekek i motivasi maneh, pelatihku ngomong “wes sampek sakmene ae ta? Opo wes gak gelem dadi juara” kabeh meneng termasuk aku, pelatihku ngomong maneh “masih ada babak kedua kalian semua belom kalah, dan kalian semua adalah sang juara
Wasit nyemprit peluit tanda lak babak kedua arep main. Kabeh pemain kumpul lan peltihku mimpin dungo, sakwise iku kabeh pemain melbu lapangan. Nang tengah lapangan aku ngomong ambek Devta “Dev, percoyo o ambek konco koncomu iki” “sepurane yo babak pertama iku mau bal e tak gawe dewe aku egois gawe ngegolono” devta nyauri “gak penting sopo seng ngegolono seng penting awakdewe iku juara” jawabku akhire babak kedua dimulai. Terbukti sakwise aku ngomong mau permainan timku dadi apik. Nang menit sekitaran 57 Devta ngegolno saking tendangan bebas skor saiki tasik 1-1. Jalane babak kedua iki iso diomongno seimbang soale podo podo nyerang e. Babak kedua wis arep mari skor e sek imbang nang akhir babak timku ngegolno kancaku seng jenenge ipung ngegolno kabeh pemain seng nang lapangan lan seng nang jobo lapangan podo seneng kabeh amarga gol e iku pas menit menit akhir sakwise gol iku wasit langsung nyemprit peluit e seng artine babak kedua wes mari
Kabeh pemain langsung mlayu nang tengah lapangan. Aku nangis nang tengah lapangan soale sek tas taun iki SMP 1 Jombang iso dadi juara. Aku seneng banget iso gowo SMPku dadi juara lan seng penting aku lan kanca tim balbalan SMPku ngukir sejarah lak SMP 1 Jombang dadi juara 1 nang kompetisi balbalan.



“PUTIK SARI”
(TEKAN KULUP NGANTI MBATIK)
Oleh : Devi Anggita Putri / xii iis 4 / 08

Jenengku Sari, aku urip ing Desa Sendang Sabrang Kidul. Sak bendinane aku mung urip karo adik-adikku, raka lan rani. Bapak ibukku kerjo adoh nanging sampek saiki ora tau balik. Adikku sing Raka iki ora koyok arek biasane, sampek umur 5 tahun durung iso mlaku. Aku nelangsa sanget yen ningali nasibe adik-adikku, ket cilik ora tau urip enak lan ora tau entuk welas kasih e wong tuwo.
Bendina aku lan adik-adik e mung dhahar sego jagung karo kulup godong kaspe, ora tau ganti lan ora tau kepingin ganti, soale ora tau enek dhuwit. Sakjane nelangsa lek nguwasi kanca-kanca iso mangan enak, isok mangan ganti ganti sakbendinane. 
“oalaa, ya allah kok nelangsa sanget uripku L” ,Sari ngomong ing ati.
Ing sawijining dina pas aku budal ngasak nang sawah, enek anak e tanggaku sing ngilok-ngilokno aku.
“godong kaspe,godong kaspe..” tanggaku ngilokno aku
Aku mung ngelus dada, ancen bendinane aku mung iso mangan godong kaspe, ora iso ganti, jenenge arek cilik yo durung ngerti endi sing bener endi sing salah. Aku nerusna lakonku ing sawah amerga selak panas lan selak entek asakane. Sampek sawah aku ngasak sampek glangsingku bek, terus muleh. Tekan tengah dalan mboh kenopo atiku ora kepenak sanget, aku langsung cepet-cepet muleh, dadak temenan adikku Rani nangis banter amergo tiba tekan ondo pas mbenakna genteng sing bocor, sampek sira e abang lan mbendul gede. Rani tak rangkul karo tak elus-elus sirae ambek rambutku sampek ora krasa lara maneh.
Sesuk e pas tangi turu, Rani jek sambat sira e loro terus. Aku bingung kudu pie, budal nang griya sakit yo ora nduwe dhuwit. Dina iki kabeh yo durung mangan, amerga sego e entek.
“ya allah, aku nyuwun, tulung penakna uripku lan urip e dulur-dulurkuL” panyuwune Rani
Dungane Rani langsung kayata keijaba dening Gusti Allah, wonten tangga sing welas menehi aku lan adikku dhaharan kanggo dina iki.
“nduukk, iki loh enek sego iwak tahu, purun ta?” tanggaku nawani aku
“oh ngge buk purun, matur nuwun sanget ngge”jawabku
Dhaharan iku maeng langsung tak pangan karo adikku, tapi nalika aku kate ngresiki piring nang pawon, adikku Rani mutah-mutah rupa getih. Aku wedi adikku kene opo-opo, akhire aku nyuwun panulunge RT e desaku. Rani digowo ing Griya Sakit “Harapan Bunda”.
“ya allah, pun gusti paringi adik kula lara sing kayata ngene, kula mboten sanggup ningali sambate adik” panyuwunku marang Gusti Allah ing njero sholatku.
Bar rani dipriksa, aku ditimbali Bu Dokter e nang ruangan gede, ruangan iku adem sanget.
“mbak, pun kaget ngge nalika sampeyan weruh Rani sakit napa?”ngendikane Bu dokter
“engge dok, kula insya allah siap kale hasile”jawabku
“Rani iki sira e gagar otak, pun dangu asline, tapi sampeyan mboten cepet-cepet mriksakake Rani, saiki gagar otak e wis parah, wis orah ana obat e, mung dunga sing isa warasna adik sampeyan.” Ngendikane bu dokter sing nggarai aku nangis banter
Bar dipirsani ngunukui aku langsung metu terus nggowo rani muleh bareng pak RT, ing tengah dalan, rani mimisen terus semaput, tapi ditangina sampek omah ora tangi tangi.
“innalillahi wa innailaihi roji’un, sing sabar ya nduk, adikmu wis ora enek, adikmu wis ngadep sing kuasa” ngendikane pak RT
Aku kaget e ora ukur, adikku dipundut gage temen, aku jek durung mblenger ngramut adikku Rani, aku jek pingin urip lan mangan bareng karo adikku Rani. Tapi takdir netepna bedo, kate pie maneh, aku kudu isa nrima kahanan iki, aku kudu isa tangi saka kahanan nelangsa iki.
Bar 100 dinane adikku, aku diparani wong kuta, terus omong-omongan.
“dek, aku iki petugas dinas sosial saka bandung, aku krungu teka tangga-tanggamu, awakmu iki urip kekurangan sanget lan kudu nguripi adikmu sing siji iki, dinas sosial wis mutusna bakal ngajak kowe lan adikmu nang kota Bandung, dinas sosial bakal nguripi awakmu karo panguripan sing luwih layak, dinas sosial yo bakal nguruki awkmu pie carane kerjo, pie carane nggawe kerajinan sing isa didol nang wong, enak-enak nduk” ngendikane petugas dinas sosial nganti dawa
“bu, kula nggih pun tuwuk kale panguripan sing kaya ngene, kula pingin urip kula niki luwih apik sitik, ngge mboten muluk-muluk, pokok e saget dhahar bendinten kula lan adik kula siji niki. Kula purun tumut lan urip ing panti sosial e panjenengan.” Jawabku ora ragu
Pas wis sampek ing kuta Bandung, aku lan adikku seneng sanget, ing panti iki aku lan adikku nduwe kanca akeh, apik-apik kabeh wonge. Aku nang kene diuruki carane mbatik, adikku diuruki maca lan nulis amerga ket cilik ora tau entuk pelajaran sekolah. Suwe-suwe aku wes mahir mbatik, akhire aku nglamar kerjoan ing pabrik kain batik lan ketrima. Bayaranku sitik-sitik tak lumpukna, sampek 5 taun suwene, aku nabung lan isa ngontrak omah dewe, aku tetep urip kara adikku. Kabeh iki amerga panti sosial sing wis ngajari aku mbatik, lan adikku sekolah.
Aku tetep nabung terus, sampek aku mutusna gawe omah produksi kain batik dewe, lan alhamdulillah isa mlaku nganti saiki, aku mundut karyawane saka kanca-kancaku ing panti sosial biyen, kanca sakperjuanganku biyen. Alhamdulillah saiki aku isa tuku omah gede, isa nyekolahno adikku ing sekolah apik lan isa mbayari karyawan-karyawanku.
“ya allah, matur nuwun sanget, berkat Rahmat Gusti Allah kula saget ngapiki drajade urip kula kale cara sing bener, cara sing halal” Ujarku ngucap syukur
Aku saiki wis urip mapan, aku isa nyekolahno adikku Raka, isa nguripi lan ngekeki dhaharan areke, lan sing penting isa nerusna usaha griya produksi kain batik iki. Mugi-mugi isa sampek mbangun pabrik. Amin......


RAMPUNG


                                                        Janji sore
                                                  Dening : Durrotul Ainiyah

       Sore iki aku nduweni janji karo sahabatku. Aku lan sahabatku arep dolan menyang taman kota. Sahabatku iki nduweni jeneng Asep. Aku lan asep wes sahabatan wektu aku cilik sampek sak iki. Nanging ing SMA iki, aku wes ora sak sekolah manehan karo Asep. Asep iku seneng banget gitaran, menyang endi wae dheweke mensti nggowo gitar kesayangane. Lan Asep mesti teko telan yen janjian karo aku. Aku mesti ngenteni dheweke nganti kesel.
“ saro… “  mbengok lan melayu marani aku
“ wes nunggu suwi ?” takone
Aku mung meneng ora semaor. Akhire Asep nggeret tanganku kanggo lungo, tentu aku manut wae. Lan akhire aku lan Asep wes nyampek taman kota. Ning kunu Asep nyanyi karo gitaran, aku mung iso nyawang lan melu nyanyi sitik-sitik. Wektu asik nyanyi Asep nyawang aku lan mandeng olehe nyanyi. Aku kaget kenekopo dheweke mandek. 
“ lapo Sep? “ takonku penasaran.
“ Saro, aku arep ngomong. “
“ iyo, ndang ngomong, ngomong opo toh? “
Aku tambah penasaran nyawang Asep seng meneng ora ngomong opo-opo. Ora biasane Asep kaya ngene, dheweke katon nesu banget. aku malah tambah ora tego nyawang Asep yen kaya ngunu.
“ yo wes lah Sep, ora usah diceritakke yen awakmu ora sanggup nyeritakke. Ra popo Sep, tinimbang kowe nesu kaya ngene. “
“ ora Saroh.. aku kudu cerito nang awakmu “
“ ya wes lah sak karepmu Sep “
Aku bingung kudu piye, ngerti wajahne Asep seng kaya ngunu aku biso ngerti, yen cerito iki duduk cerita bungah, nanging aku penasaran pengen weruh tapi aku wedi yen aku bakalan melu nesu. 
“ Saroh, awakdewe bakalan dadi sahabat sak lawase she Roh ? “
“ awakmu kuwi ngomong opo toh Sep, yo jelas lah. Sep aku Saroh bakalan dadi sahabatmu sak lawase, lank owe Asep bakalan dadi sahabatku sak lawase. Bakalan teros kaya ngunu, sampek awakdewe tilar nduyo. “ 
“ suwon yo Saroh, awakmu wes gelem dadi sahabatku. “ 
Lego rasane nyawang Asep iso ngguyu maneh, ora kaya mau. Nanging aku isih penasaran karo pertanyaanne Asep.
“ lapo Sep awakmu kok takok kaya iku mau? “
“ aku arep lunga “ 
“ lunga menyang endi ? “ 
“ aku arep lunga menyang jogja Roh “ 
“ pirang dino ? “ takonku penasaran
“ sak terose aku nang kono, aku gak bakal balik maneh “  
Krungu Asep ngomong kaya iku mau, mripatku kaca-kaca arep nangis, nanging aku mbetahna supaya Asep ora melu sedih.
“  ya wes lah Sep ora ngopo, seng penting awakdewe kudu tetep kirim kabar. “ ngendikaku karo ngguyu seng tak gawe-gawe.
“ iya Saroh.. ojo nganti lali karo aku ya.. “
Aku mung mantuk- mantuk lan mesem. 
“ oke Sep “
Tangan ku lan tangane Asep salaman, ndadekake saksi janjiku lan janjine Asep. Aku mung biso ngangen- ngangen kaya piye mbesok aku lan Asep di temokke karo Gusti Allah, apa aku lan Asep isih saling kenal apa ora kenal. 

PANGETAN DINTEN KEMERDEKAAN REPUBLIK INDONESIA
(Dening : Fadhol Pamungkas)

Dina iku pancen dadi sesuk sing becik, srengenge cemlorot nunjuke cerahe dina iki. Esuk-esuk aku cepet mbukak jendela kamarku supaya angin sumilir neng njero kamar. Kurang luwih sekitar 10 menit aku nyawang tetanduran neng ngarep jendelaku. Tanpa eling aku ngalamun. Aku ora eling menawa dina iki yaiku dina kemerdekaan RI! Dumadakan lamunanku buyar saka bengokan simbok sing nyeluk aku kanggo cepet metu kamar kanggo sarapan lan adus sadurung mangkat sekolah.
“Dek, cepetan mudhun! Adus, sarapan, lunga sekolah upacara to? Mengko kawanan! Simbok wis nyiapke sarapan sega goreng pedes gawe kowe.” Bengok simbok saka pawon.
“Enggeh mbok mantun iki Kula mudhun” jawab Kula. 
Saknalika aku banjur cepet-cepet nglakoni dawuhe simbok kuwi amarga nang wektu kuwi aku ndeleng jam wis nunjukan gebug 05.30 esuk. Saben esuk aku sanuli krungokake bengokan embok sing mangkono, amarga saben esuk aku seneng pisan linggih ngalamun neng ngarep jendela kamar. Dina-dina aku nuleni sabaenene. Ning kanggo esuk iki rasane ana sing seje. Kabeh iki amarga sedhela meneh arep ana elingan HUT RI utawa hari ulang tahune negarane awake dewe iki. Aku ora mbutuhake wayah sing suwe kanggo njagakne kabehe. Aku banjur buyar lan jaga kanggo mangkat upacara. Amarga antara saka omahku  adoh lan kanggo sepeda montor menyang sekolah. Jarak omahku nang sekolah kurang luwih 10 km. Perjalan teka sekolah kurang luwih 15 menit.
Sangantine neng sekolah aku kaget ndeleng sekolahku sing wis dihias kanthi becik bokmenawa kanggo njagakne dina kemerdekaan negara Republik Indonesia tercinta iki. Bendera merah putih wis berkibar neng sadawa dalan sekitar sekolah. Alat-alat kanggo ngiringi upacara kuwi wes cemepak lan ditata rapi.
Bel muni pertanda wayah upacara lan muride kudu wes baris nang lapangan kang kudu rapi. Awake dhewe nembangna tembang-tembang kemerdekaan indonesia karo hikmat lan tembang tembang wajib laine. Kabeh siswa wis mengeremuni lapangan lan berbaris. Upacara bendera wes dimulai kabeh siswa siswi kudu tertib lan gak oleh guyon. Aku nguwasi barisan PASKIBRA SMA 3 pas ngibarake bendera abang putih iku tertib lan barisane kompak yen disawang mripat kui enak sanget. Sakwise upacara kabeh murid-murid dibubarake lan balik nang kelas.se dewe-dewe. Sakwise iku bel muni ping 3 iku tandane murid wes wayahe muleh kabeh podo seneng merga muleh isuk. Aku lan kanca-kanca lansung mangkat nang parkiran lan siap mluncur muleh. 
Sakwise aku tekan omah aku lansung mangkat nang omahe Pak RW amarga nang kunu kuwi lomba pun dianyak. Lombae macem-macem lan ketokane seru yen dimainke karo arek-arek Desa. Lomba pisan yaiku ngleboke paku menjero botol. Peminate cukup akeh. Sakwise kuwi dibanjurke karo lomba mangan kerupuk. Lomba iki sing paling akeh dimeloni saka arek-arek. Lomba iki paling nglegenakne lan seru amarga cepet-cepetan mangan krupuk. Ning tetap wae aku pengen meloni lomba kelereng lan lomba kepruk kendil.
 Sabanjure lomba sing aku mengko-mengkoke pun tiba. Lomba kelereng bakal cepet dimulai. Aku banjur cepet njaga-jaga njupuk siji sendhok lan kelereng. Aku lan pamawa liyane teras ngadeg neng garis start. Aku dolanan sportif amarga aku ora arep curang. Wektu aba-aba wis diunekne aku cepet mlaku alon-alon menuju garis finish. Wektu neng tengah dalan aku tiba, Aku cepet tangi lan mbanjurke lomba. Akhire Aku menang mergo sampek garis finish disek ketimbang kanca-kanca.atiku seneng sanget iso ngalahke arek-arek desaku. Sakwise kuwi lomba kepruk kendil ape dimulai aku agih-agih jupuk pentungan lan mripatku ditutup sleyer ireng. Sakwise ditutup aku diumet-umet ping 3 sampek lali madepku asale nang ndi. Sakwise iku aku mlaku alon-alon karo dikomando penonton ben aku ora sampek salah sing tak kepruk. Pas nang nisore plastik sing wes diisi banyu sumba aku bingung lan bolak-balik gak kenek. Aku diwenehi kesempatan ping 3 lan pas kesempatan terakhir akhire aku iso ngepruk plastik iku mau lan klambiku teles kebles amerga banyune ambyar. 
Sakwise akeh meneh lomba-lomba sing durung daksebutake. Ana lomba balap karung, tarik tambang, bal-balan gae sarung, lan lian-liane. Dina iki yaiku dina sing nyenengna kanggo aku lan kanca-kanca. Jam 13.00 WIB kabeh lomba wis buyar. Kami kabeh ngaso sadhela Lan tiba wektune kanggo panganggonan bebungah. Pamawa sing menang karanke maju neng ngarep. Lan diwenehi hadiah ben setiap menang lomba. Aku seneng sanget pas jenengku diceluk lan maju nang ngarep amarga menang lomba kelereng, kepruk kendil, balap karung lan tarik tambang. Pengalaman dina iki seru lan seneng sanget, Aku iso luwih akrab karo kanca-kanca desa, luwih iso jaga rasa solidaritas lan gotong royong. 
Pesenku tahun iki lan tahun ngarep sakteruse para warga masyarakat Indonesia iso terus mangerteni dina kemederkaan iki ben kita sedaya terus iling atas jasa-jasane para Pahlawan Perjuangan Indonesia ing dalem ngrebut kemerdekaan Indonesia. Kita sedaya generasi muda bangsa Indonesia saged nerusake perjuangan pahlawan Indonesia ngangge upaya sinau sing mempeng lan kerja keras.    

FIRST JOURNEY
Dening : Farhan
Ing sawijining dina ana arek seng aran naut,arek iki duwe wong tua tapi wong tua ne iku wafat,arek e gurung ero wong tuane iku sopo?,arek iki digedekno ambek kewan seng jeneng e juger kewan kaya singo tapi gak nyakot. Arek iki urip kaya singa cilik,mangan golek dewe klambi gawe dewe, 10 th kepungkur,arek iki wes duwe naluri pemburuh duwe pedang lan kesaktian, terus arek iku mau njalok marang juger iku mau nyuwun pamit ngoleki ibune lan bapake,lah terus juger iku mau njeneng no arek iku naut dadi jeneng e arek e iku mau juggernaut, ngawe topeng duwe pedang lan raga bata ,ngerantau ngoleki ibune. Ing tengah dalan juggernaut iku ketemu ambek beruang seng jeneng e ursa, aneh e ursa iki isok ngomong koyok juger,ditakok I ursa iku mau.”he ursa iki daerah ngendi??” ursa jawab  “iki daerah seng ketbien tak jogo ambek konco konco ku nang kene”. Juggernaut mbalesi “konco-konco mu?”. “iyooo”. Ursa mbales. Wes suwe omong-omongan, juggernaut eling pitakonan awal iku mau.”he aku mang takok iki daerah ndi malah mbarah ngaNti ndi ndi”. “hahahahahah”.ursa guyuh kekel. Iki daerah ancient, daerah seng suci. “Woooooaaaaahhh!!!”. Juggernaut nggumun. “Suci piye ???”. “haaalaaaah takok ae koyok bks,tak jawab yoo!!! Daerah kang suci seng disebut ancient kuwi daerah kang iso dileboni marang wong wong seng duwe hati suci,koyok aku iki”.ursa ngomong. “Luhh!! Berartiiii???”.Juggernaut ngumun.iyooo awakmu iso mrene berarti awakmu yoo wong wong kang terpilih dadi pelindung anient iki”.ursa njelasno. Terus ursa ngejak juggernaut nang markas,ketemu karo konco-konco e 1 jam wes tekan nggone juggernaut nggumun, ana akeh seng nang kene,”lah terus kabeh nang kene iku gawe opo ???”.jug takok. Ursa njelasno“Waaah njelasno mane anggite aku Wikipedia opo!!,yo ngene ancient iki wong kang apik apik tok,lahh iki disiapno kanggo jaga bumi iki marang wongo tekok dire…”.”tekok dire opo iku??” jug takok.”haaaalaaaah takok ae rek ,yo wes iki gawe wong nyar nang kene dire iku…… wong wong kang pingin ngajurno bumi iki ,tapi kango wektu iki gurung iso soale bumi sebagian wilayah iki jek onok pelindung e yaiku ancient iki”.ursa njelasno nang jug.”oooaaalaaaaa!!”jug nggumun.wes cukup semene cerita kang pertama, nek njenengan kerso monggo rantos!!! Cerita kang kepindo.. juggernaut ngamuk cukup semene wae yooo wasalamuallaikum. Monggo semangat kangoo un seng kelas 3 kula nggeh kelas 3 semangat FOKUS UN lan SBMPTN!!!!!! 





Keapikan iku namung karna Gusti Allah
(Hasri Maghfirotin Nisa/XII IPS 4)
Ing sawijining asrama ing Daha, ana asrama isine kang santri wedok lan santri lanang. Asrama kuwi bisa disebut karo pondok utawi semipondokan, sebabe ing asrama kuwi ana system ngaji kitab ben ba’da maghrib lan ba’da shubuh kayata ing pondhokan. Bangunan asramane tingkat loro, tingkat siji dinggoni lare wedok kaleh tiang ndalem lan tingkat loro dinggoni lare lanang. 
Sakmeniko wektu ngaji kitab ba’da maghrib, wektu iku dina Minggu wayahe ngaji Kitab Al-Ibris. Lare jaler lan lare estri mulai ngumpul ing ruang tamune Bapak. Lare jaler lan lare estri nek nyeluk Bapak K.H Israfil Amar sing nduwe asrama Al-Firdaus iku Bapak. Sawise jamaah maghrib, lare-lare ngentosi bapak ingkang suwe. Ora kayata biasane sing nunggu kurang 5 menitan Bapak sampun rawuh. Tapi dina Minggu iki beda ora kayak biasane.
Wektu Bapak rawuh lewat ruang tamu, Bapak muring-muring gede sing sebabe ora dimangerti lare-lare. Saking muring-muring e Bapak bubarna ngaji, lare-lare padha gemeter lan wedi kabeh. Ora biasane Bapak muring-muring segede iku, biasane mung teges lan disiplin. Lare-lare padha bingung lan mikir apa sebabe Bapak muring-muring, lare jaler lan lare estri ngumpul ing ruang tengah mikirna sebab e Bapak muring-muring lan piye carane ben Bapak mengapuro lare-lare. Ingkang nganti kurang seuluh menitan, lare jaler wonten sing ngomong nek maul are jaler ora cepet-cepet adzan ing masjid. Nah banjur kuwi dadi pendapat pertama sing iso nggawe Bapak muring-muring. Sebabe Bapak ora seneng nek santrine ora ngadzani lan jamaah tepat wektu. Padahal lare jaler pada jamaah maghrib tapi keri perkara pada buka puasa. 
Lare-lare mikir ben Bapak nyepura lare-lare, banjur kuwi lare-lare padha mutusaken njaluk sepura bareng-bareng ing kamare Bapak. 
“tok…tok…tok (suara lawang kamar e Bapak dikethuk)”
“Bapak, lare-lare kajenge nyuwun ngapura amerga mau pas jamaah maghrib mboten tepat wektu” (suarane salah sawijine santri jaler)
Jawabe Bapak saka mburi lawang kamare “wis ora usah”
Lare-lare padha bingung gara-gara Bapak tasek mboten gelem metu kamar lan nyepura lare-lare. Saiki wis Dina Senen, lare-lare padha sekolah ing sekolahan e dewe-dewe. Lare-lare wis padha mangkat sekolah tapi ora wani salim lan pamit ing Bapak. Lare-lare padha wedi nek nganti Bapak muring-muring maneh. Salah sijine santri nyuwun pamit budhal ing sekolah, dumagaane lare-lare padha salah soale Bapak gelem disalimi lan dipamiti tapi ora gelem ngomong.
Wektu ngaji Al-Qur’an ba’da maghrib ketepakan diulang Bapak, nanging Bapak ngomong ing lare-lare bab wingi.
“nduk, le… samean-samean iki y owes gedhe, wis iso mikir endi sing bener endi sing elek. Wis ngerti wayahan, wayahe sholat yo sholat, wayahe sekolah yo sekolah. Mosok sabendinane kudu dikongkon terus” Terose Bapak
Lare-lare naming meneng, ora ana sing jawab omongane Bapak. Bapak terus carita wektu Bapak cilik.
“Rek, jamanku biyen kan pun tak caritani wektu cilikanku. Jamanku biyen iku soro Rek, nalika aku cilik iku wis ditinggal ramaku. Biyungku ngrawat aku lan mas-masku tanpa ana bantuan, banjur kuwi aku kudu ngrewangi nggolek dhuwit gawe nyukupi kebutuhan. Wayahe sekolah aku yo sekolah nganti ora nggawe sepatu didawuhi guruku, mulih sekolah aku kerjo ing pabrik wingko, saben marine kerja ing pabrik wingko aku langsung kerja ing servis sepeda. Nanging yo ora telat jamaahku, wayahe sholat aku izin ing bosku. Iki samean-samean iki sing jaman e luwih penak kok yo jek telat jamaah sholat” Bapak ngomong kaleh nada tinggi.
Gara-gara Bapak ngomong suara tinggi, lare-lare dados wedi lan langsung ana santri nyusun sepura langsung.
“ngapunten Bapak, kula wektu wingi tasek batalaken puasa sebabe kula keri jamaah maghrib. Ngapunten Bapak kula pun gelek ndamel Bapak muring-muring, kula purun dihukum nopo mawon pokok e Bapak nyepura kula” Jarene salah sijine santri mau.
“oalah le, aku iku gak gelem ngukum samean-samean nanging Bapak pengen samean-samean iki sadar ngelakoni kewajiban e Allah lan ngadohi larangan e Allah iku karno Allah SWT. Ora wedi tak hukum gara-gara ora jamaah utawi ora ngelakoni kewajiban agama islam. Wis gawe sekabehan, lare jaler lan estri saiki bubar ngajine lan renungana apa salahmu ing Gusti Allah” Terose Bapak.
Mari kajadian kuwi, lare-lare padha giat jamaah sholat lan ngaji nganti seminggu kuwi Bapak jarang banget ngomong suwi utawi nuturi lare-lare. Bapak sengojo ndamel lare-lare intropeksi diri nek jamaah sholat iku kudu teko atine, ora mung wedi karo Bapak. Lare-lare ngarep Bapak nuturi kayata sebelume Bapak pas minggu wingi muring-muring, kangen kaleh jiwitan lan jedhogane Bapak sing iso mbangun semangate lare-lare. Kangen Bapak carita bab cita-cita kuwi kudu sing dukur kayane bintang ben wektu rutuh, rutuh e tetep ing langit. Wong enom iku kudu nyidek ing Gusti Allah, kudu manut ing wong tuwa, guru, lan tiang sing luwih sepuh.
Nganti seminggu luwih Bapak tetep meneng, ora gelem nuturi lare-lare maneh. Biasane nek ngene tandane Bapak wis ngeculna lare-lare. Nanging dumadakan Bapak nuturi lare-lare.
“ Rek, samean-samean iki terusna rajin jamaah sholat lan ngajine nggeh. Samean-samean iki aja nggantung ing Bapak masalah kayata iki, iki masalah agama ora masalah sepele sing seumpama kowe tinggal iku gak ana masalah. Bapak iku pengen melbu surga bareng samean-samean, ngamulyake wong tuwa lan karabat. Samean-samean lan Bapak iki wis pernah ngadakna perjanjian karo Gusti Allah sadurunge deweke lair, yaiku awak dewe kudu nuruti apa sing dikengken Gusti Allah lan ngadohi larangan e Gusti Allah” Bapak ndawuhi.
Bapak ngomong nek aja nganti nglarani atine wong tua, aja mbanggel apa sing dikengken wong tuwa. Ridla wong tua iku padha karo ridla Gusti Allah. Aja ngelakoni keapikan iku karno wong liya, naming karno Gusti Allah lan pingin ngamulyakna wong tua supaya emben deweke oleh restu lan ridlane Gusti Allah bareng wong-wong sing deweke kasihake.
Kejadian iku nggawe lare-lare sadar, mboten wonten gunane ngelakoni keapikan karno wong liya utawa karna opo-opo. Nanging ngelakoni keapikan iku kudu karno Gusti Allah, banjur kuwi lare-lare padha akeh sing berubah dados apik. Wis sadar iso mbagi wektu, sadar saget mbedaken sing bener lan sing salah. Maturnuwun.



Rampung



WELING SAKA IMPEN
Dening: Ine Niti Karya Dewi( XII IPS 4/ 14 )

Awan kang hawane panas. Saka adohan katingal gendera kuning malang ing pinggir dalan omah gedhongan. Ana ing njero omah Dewo lan Retno sing isih nggawe seragam sekolah uga Pak Broto, nangisi mayit sing wis dibuntel kain kafan. Wong-wong pada repot tandhang nyepakake jaratane Bu Broto sing sedo amarga kecelakaan.
Nalika candra wengi wis ngethokake polatane, Pak Broto ngajak putra lan putrine menyang papan panggonan kang sepi lan peteng. Gawe Dewo lan Retno papan panggonan iki krasa asing banget kayata ngrasa lagi ana ing pojokane kutha sing jarang banget di cedhaki karo wong.
“ Sakjane apa to Pak tujuane sampean ngajak aku lan Retno ing papan panggonan kaya ngene ? ”, pitakone Dewo sing mencereng marang Bapake.
“ Nuruto wae  talah Le…Ana sing arep dakcritakake marang kowe lan adhimu. Nanging sadurunge, aku kapingin kowe wong loro nguwasi lintang sing ana ing ndhuwure awang-awang kuwi. Anggepen lintang kuwi Ibumu! ”, ujare Pak Broto karo meksa anake supaya gelem nguwasi lintang ing awang-awang.
Kahanan kang saya sepi. Pak Broto ora ndang mbukak critane. Dewo sing wis ora betah ana ing panggonan kuwi langsung noleh nang mburi nyawang ing Bapake.
“Pak ndang ngomongo talah, aku wis ra betah ana ing panggonan iki…”, sing diajak ngomong wis ora ana ing mburine.
“ Paaakkk… Bapak ana ngendi ?? Bapaaaakkkk…….”, Retno nangis misek-misek nggoleki Bapake karo keweden. “ Mas Dewo, Bapak nangdi mas? Aku wedi ditinggal ing panggonan iki? Ayo nggoleki bapak… Ayo muulehh..”
“ Ret, aku iki yo bingung. Aku yo ora ngerti saiki awakdewe iki ana ngendi! Aku uga ora ngerti dalane muleh..
Bocah loro mau nagis misek-misek karo nyebut-nyebut jenenge Bapake ing papan panggonan peteng sing sepi ora ana siji-sijio wong sing lewat.
Dalane urip akhire ngeterake Dewo lan Retno dadi kaya bocah glandangan amarga ora bisa nemoni Bapake lan ora bisa bali menyang omahe maneh. Kanggo nyambung urip, bocah loro iki dodolan koran ing pinggiran dalan. Dewo bener-bener ngrasakake bedane uripe sing biyen lan saiki. Yen biyen dheweke mesti nyia-nyiake dhuwit sakarepe dhewe lan gari nadhong marang wong tuane sakkarepe dhewe lan terkenal dadi bocah sing ndhungal, dableg lan seneng ngremehake wong liya. Saiki justru uripe saya samsara banget. 
“ Tolonngg...Mas Dewo…Tolong..Heee..ee.ee..”, suara tangise Retno sing lagi dirubungi bocah-bocah glandangan liyane. Ora sepiro suwe Dewo teka banjur nulungi adhine.
“Heehh.. Brandalan-brandalan embongan!!! Arep mbok kapakne adhiku kuwi! Ojo sampek wani-wani kowe nglarani adhiku masio sak sritan titik !! ”, anceme Dewo sing atine wis krasa panas amarga ngerti adhine digarai karo komplotane bocah-bocah glandangan.
“Walah-dalahh.. Iki to Mas mu…Ora usah kemalan lambe.. Kene kowe tak tandhangi pisan karo kanca-kancaku !! ”, pimpinane bocah glandhangan lan kanca-kancane langsung nggepuki lan ngantemi Dewo.
“Mas Dewo…Mas…Tolongg…Tolongg..”, Retno bengok-bengok supaya ana wong sing teka nulungi Dewo.
Bocah-bocah glandangan mau mlayu niggalake Retno lan Dewo sing sekarat lan babak belur. Bocah loro kuwi nangis misek-misek nganti ora krasa mendhung sing dadi saksine kadedayan iku mau kayata melu ngetokake eluhe kang nelesi awake Dewo lan Retno kanthi njedindhil ing tengah-tengah udan kuwi.
Dewo mbukak mripate riyip-riyip lan banjur ndeleng panggonan sekitare. “Aku ana ngendi ta saiki? ”.
“ Le, Dewo.. Kowe wis sadar ta…?? Bapak… Bapak.. Iki lo Pak.. Anakmu wis sadar , Retno cepet ndang ngendikaa menyang Pak Dokter yen kang mas mu wis sadar”, kandhane wong wadon sing suarane wis ora asing gawe Dewo.
“ Ibuk…Ibukk.. Apa bener ta iki ibu ku..”, Dewo gek ndang langsung ngrangkul Ibune.
“ Dewo,  kowe wis sadar ta le… Alhamdulillah duh Gusti Pangeran..”, Pak Broto sujud syukur.
“ Blai slamet le.. Kowe diparingi Gusti Allah sadar saka koma mu sing wis telung dina kapungkur amarga kecelakaan. Untung wae ana kancamu Nak Dewi sing nulung lan langsung gawa kowe ing Rumah Sakit iki. Jathuko ngunu  jare Dokter nyawamu ra bisa ketulung Le..”, kandhane Bu Broto karo mbrebes mili ndekep anake sing wis sadar.
“ Endi buk, Dewi aku pingin ketemu.. Aku arep matur suwun lan njaluk sepura marang dheweke amarga sadurunge kecelakaan  aku wis ngina dheweke amarga dadi bakul koran lan bocah glandangan sing ora pantes ngenyam pendidikan. Padahal aku iki ngerti yen Dewi kuwi bocah yatim piatu sing wis ora nduwe Bapak lan Ibu. Aku nyesel Bu, Pak.”,ujare Dewo karo nangis sesenggukan nyeseli apa wae sing wis ditumindakake marang Dewi. Bocah kang wis kanthi tulus lan ikhlas gelem nulungi dheweke saka kecelakaan masio atine wis dilarani karo Dewo.
“ Aku nang kene kok Wo..”,ujare bocah wadon kang ayu lan lugu sing uga ana ing dhuwure kranjang pasien. Ketingal getih saka lengene bocah wadon kuwi disedot saka selang sing nyalur ing lengene Dewo. ” Kowe ora usah mikir neka-neka. Sing penting kowe ndang waras supaya bisa sekolah maneh”.
“Suwun yo Wi.. Suwun.. Sepuranen aku.. Aku duwe salah akeh marang kowe. Weling saka impen ing koma ku, ndadekake aku sadar.  Aku ra bakal mbaleni kaluputanku maneh”, Dewo ngomong nang Dewi karo ra kroso eluh mbrebes mili nang pipine.
Kahanan ing kamar rumah sakit panggone Dewo di rawat krasa ayem tentrem lan anget. Keluargane Pak Broto sakiki nambah siji wong maneh yaiku Dewi. Pak lan Bu Broto ngadopsi Dewi dadi Putrine. 

Nb: Cerkak niki kulo persembahaken kangge Bu Sulistin Prasetya,S.Pd,M.Pd selaku Guru Basa Jawa lan kangge rencang-rencang XII IPS 4. 
Yu Painten Ketiban Boto
Kukune njepat sambate lara
Cekap semanten cerkak kulo


Menawi lepat nyuwun ngapura


RODA BERPUTAR
Dening : Megayani 
     Ing sekolah Ani bocah sing pinter lan meneng.Ani asline tekok keluarga sing mampu nanging pas SD wong tua'e seda,kehidupane wis berubah mergane wong
 tua'e mbiyen sakit-sakit'en dadi ngetoke duwit akeh.
       Ani sak iki melok mbak'e lan anak"e mbak e.
     Sak tahun mbak'e Ani pindah ing omah'e Ani nanging akeh masalah,dadine pindah maneh ing omah e asal nanging tasek ngramut adhik e.
     Mbak e ng omah e Ani lek bngi soal e ngewangi Ani turu.Mbak e wong sing apikan soal e mesti perhatian ambek Ani.
      Kegiatan Ani sak mben diten selolah muleh sekolah Ani sedih soal e gak enek seng nyambut kyok biasane di sambut ibu e teko ngarep.Nanging Ani tetep sabar kabeh dungano Ani iso kuliah lan bisa urip sing sejatera.
    Nanging mbak e berusaha gawe Ani iso ngelanjutno kuliah'e,akhir e Ani iso keterimo ing SNMPTN dadi Ani iso memperingan biaya kuliah.
      Ani metu kuliaj wis dadi Sarjana lan nglamar kerja lan keterimo ing perkantoran bagian Administrasi.
     Umur 24 tahun Ani nikah ambek TNI AD. Uripe wis gak kesepian maneh dadi enek kancane.Setahun kemudian anak e Ani lagir omah e Ani dadi rame.
      Ani lan bojone bahagia. Teko cerito iki kita bisa ngerti kehidupan gak mesti ing dhuwur iso ae kita mengalami perubahan.Kehidupan bagaikan roda berputar.





Tamasya nang Bali
Dening : 
 Mas Agis Purwantoga ( 15 )
            He rek, jenengku Amel. Maeng aku nrimo rapot semester 1. Aku seneng mergo aku oleh ranking 1 nang kelas. Aku sekolah ing SMPN 1 Semarang Jawa Tengah kelas 8.  Ayah lan ibuku seneng banget. Ayah lan ibuku ngajak aku tamasya nang Bali. Ketepaken, dulurku seng tak kangeni iku omah e nang Bali. Dino iki aku siap siap budal nang Bali mene isuk.
            Isuk e, ayah lan ibu ngandhani aku yen budal e ora numpak pesawat. Keluargaku numpak mobil sampe Suroboyo, terus numpak kapal nang Bali. Perjalanan teko omah nang Suroboyo lumayan suwi, tapi aku tetep seneng mergo pemandangan e apik.
            Sampe Suroboyo, keluargaku numpak kapal. Aku ngrekam gawe vidio call hubungi dulurku nganggo HP e ayahku. Jeneng e dulurku iku Kayla, aku ngomong nek keluargaku wes perjalanan nang Gilimanuk.
            Tekan Gilimanuk, ujung pulau Bali bagian kulon, keluargaku disusul ayah e Kayla. Aku nyeluk ayah e Kayla “Pakdhe Tito” mergo jeneng ayah e Kayla iku Tito. Nek aku nyeluk ibu e Kayla “Bulek Ruth” mergo jeneng ibu e Ruth. Koyok biasa e, Bali tetep indah, tetep apik podo koyok pas aku terakhir nang Bali.
            Tekan omah e Kayla, arek e langsung mlayu teko omah e terus ngrangkul aku. Nganti Kayla nangis mergo kangen. Aku lan Kayla melbu omah lan omong omongan. “Amel, aku gawe jajan. Ayo gawe bareng!”, ajak Kayla. “Ayo, pantes ae awakmu gawe celemek”, jareku karo mesem
            Aku lan Kayla gawe jajan coklat. Iki podo koyok jajan nang TV “Good Time”, tapi rasane rodok pahit. Tapi aku ngrasakno jajan iki tetep enak. Kayla ngulangi aku carane gawe mergo aku wes lali. Akhir e aku iso gawe. Rasa e enak tenan. Aku dikeki sak toples krupuk gae oleh oleh. Kayla pancen dulurku seng apikan
            Keluargaku mung 2 minggu nang Bali. Aku rumongso sedih, rasane cepet banget. Aku moh ninggalno Kayla, tapi aku kudu balik nang Semarang

            Nganti teko Semarang, aku kaget, mergo Kayla enek nang omahku. Tibakne ayahku wes ngerencanakno ambek pakdhe Tito. Siso preian iki tak gae seneng seneng lan dolen kliling kota Semarang, ngunjungi panggon sejarah kota Semarang. Preian iki pancen nyenengno bagiku. Pengalaman iki ora bakal tak lalino

SLIRANE ATIKU
Dening : 
MELLENEFEA SETIA ARDINDA ( 17 )

            Kriiiing… suarane alarm jamku muni, nandaake mlebu wayah sholat subuh, rasane mripat iseh sepet, sisan dino iki dino Minggu nalika dino preian, ora gupuh mangkat sekolah.”Ndok wis lah tangi, ora sholat ta kowe?” seru ibuku tekan jaba lawang kamar.”Inggeh sedhela.” Jawabku. Aku langsung tangi saka paturon lan mlaku ana padusan arep adus lan jipek wudhu.
            Sak bar sholat, aku krungu HP ku muni, tibane ana SMS mlebu marang kancaku, “Randa ojo lali sholat, sing sregep ibadahe marang Gusti Pangeran!” isi pesen saka Raka sing mesti tak tompo sak ben isuk lan isine ora tau beda. Lah iku mau jenengku Randa, anak wadon lan anak tunggal saka wong tuwaku.
            Ora suwi srengenge wis ngetokno padang jengglange ana ing panggon etan, panase ora pati nyengit nanging iseh kroso anget nang awak, ketepakan papan panggonku ana ing tlatah Malang, kota sing kesuwor adem lan sae amergo gunung gununge sing apik disawang lan papan wisatane sing ana akeh ing sak ben panggonan. Mumpung ikimau dino Minggu, dak gawe mlaku mlaku muteri desa. “Buk kulo badhe mlampah-mlampah pareng napa mboten?” takonku marang ibuk, “Iyo ndok, aja adoh adoh nek ora onok rewange!” sautane ibukku. “Nggeh buk.” Jawabku dak sambi jipek sandal ana ing burine lawang.
***
            Ogak adoh tekan omah, aku kepapasan karo bocah sing duweni jeneng Raka kuwi ana ing pinggir dalan, ora bedo tekan aku deweke saiki yo lagi mlaku mlaku. “He Ran, arep nandi kowe?” bengoke bocahe saka adohan. “Oalah ko..ko..kowe Ka hehe” Jawabku glagepen, maklum suwi ora tau katon bocahe, rasane tangan anyep amergo kringet sing mili deres bebarengan dredeg sing ora iso mandek. “Iyo Ran iki aku, karo konco dewe lali!” sahute Raka yen gawe mastekno nang aku sing isih ketenggengen mandengi deweke. “Oga ngunu Ka, yo suwi ora katon kowe, panggling aku.” Sengkalanku yen ora keton nek aku lagi dredge. “hahaha iyo e bar lulus SMP dewe ora tau bebarengan maneh, yoopo kabarmu saiki?” Takone Raka, “Alhamdulillah yo ngeneiki apik apik wae, kowe dewe yoopo?” Takonku balik “Podo Ran Alhamdulillah apik.”Jawabe Raka cekak. Ora krasa wis sak jam punjul aku omong-omongan karo Raka “Ka aku bali ndisek yo wis awan mengko lah ibu nggoleki aku, sepurane kapan kapan dino dilanjutke mane,” Pamitku marang Raka “oalah iyo Ran, titip salam yo nang ibumu.” Sauté Raka.
***
            Sore dino aku ngerteni ono sepeda ontel jagrag ono ing ngarep latar omahku, sopo kuwi yo batinku ono ing jero ati. Aku mintip mintip metu tekan jero omah, Ya Gusti sepeda kuwi duwene Raka, ono opo maneh yo bocah iki, bingungku. “Ran, sepurane yo ora kondo nek aku arep dolan nang omahmu” Omonge Raka “ora opo opo Ka, ee onok opo kowe mau isuk kurang suwi ta ketemune hahaha sampek sampek kowe mancik ono omahku.” Jawabku dlendeng “Ora ono opo opo, namong arep ngomong ae marang kowe, mau isuk ono sing lali Ran.” Jawabe Raka nggarai aku bingung maneh, “duwe wektu ora, aku arep ngajak kowe sepedaan mumpung ngeneiki iso ketemu?” takon e Raka maneh. “Iyo, nek ngunu kosek tak jipek tas lan pamit marang Ibu.” Sautku dak sambi mlebu omah amergo arep jipek tas.
            Ana ing tengah dalan Raka ora nerusno ongkelane sepedahe, deweke mandek pas ketepakan ana wit gede sing ndisore ono dingklik jagrag kenceng disambi gunung sing ngadek gagah prakoso, nambahi suwasana sing adem di sawang saka mata. Dak sawang sawang maneh panggonan iki yaiku panggonan ana ing ngendi aku karo Raka biyen seneng mampir sak bar moleh sekolah. Ora duweni kepentingan nanging aku lan Raka seneng amergo rasane ati ayem yen mandengi suwasana sekitare panggonan sing asri kuwi. “ Ran iling opo ora kowe iki panggon opo?” Takone Raka gawe buka omongan “Sing mesti aku iling Ka, iki ngunu panggonan sing mesti dak ampiri karo kowe, panggon sing ora ono wong ero, panggon sing duwene makna jeru, lan panggon sing ngerti liku liku hubungane awak dewe, ana ing ngendi saiki ilang dipangan wektu.” Sautku “Ora nyongko aku yen kowe isih ileng kabeh Ran, dak kiro sak suwine iki kowe wis nglalekno kenangan kuwi.” Tanggepane Raka “Ora bakalan dak lalekno, kenangan kuwi dak simpen ono ing jero atiku, amergo kowe iku bocah lanang kawitan sing ngisi atiku.” Omongku nang Raka “Yoopo Ran saumpamane dewe bangkitno bali kenangan kuwi, aku isi tresno karo kowe Ran, kowe isih gelem ora dadi bocah wadon sing ngisi atiku, aku ora iso lali marang sliramu, masio wis suwi ora tau ketemu.” Takone Raka langsung marang aku, rasana mripatku ora iso ketip, lambeku mlongo kaget karo opo sing wis diomongno Raka, ora nyongko aku yen kenangan sing wis dak simpen rapet kuwi bakalan bali maneh marani uripku. Aku bingong kudu seneng opo piye, rasane atiku ngruntel.
Masio abot sikulku gawe mlaku tetep dak pekso gawe ngadek amergo aku wis ora kuwat yen aku iseh tetep mandeng rupane Raka. Ora kakean omong tanpo pamit aku lagsung mlayu ngadoh tekan Raka, disambi udan roto saka dukur langit aku mlayu. “Raaan, kowe arep ngendi,” Bengoke Raka, ora ngiro Raka melu mlayu ing ngguriku, “Ran kowe ora iso ngene, aku tresno karo kowe Ran.” Omonge Raka maneh amergo pingin mastekno atiku. “Simpenen ae tresnomu gawe wadon liyo, sepurane Ka” sautku dak sambi mlayu, tapi aku wis ora kuwat kepeksan aku kudu mandek. “Ran iki aku Raka, Raka sing mesti ono sak bendinamu, Raka konco SMP sing mesti bebarengan bunga lan susahmu, opo kowe ora ileng kabeh iku.” “Aku ileng Ka, tapi ana ing dino iki aku wis nganggep koncomu bae, aku wis ora duwe khayalan dadi sawong wadon nang atimu, nggoleko ae wadon sing luwih apik tekan aku.” Sautku klagepen amergo udanne sing deres bebarengan banyu ingkang mili saka mripatku. “Ora ana Ran bocah liyo sing iso nggantino kowe marang atiku, sing dak jalok marang Gusti nanging kowe.” Omongen Raka iso nggwe atiku kroso trenyuh “Opo tenan sing bar mok omongke kuwi?” Takonku gawe mastekno yen opo sing diomongke Raka kuwi iku ora bujuk.”Yen aku bujuk lapo aku sak suwine iki isih kilingan sliramu, sak ben isuk sak ben soreh sing dak piker namong kowe Ran, dak baleni maneh saiki, opo kowe gelem dadi bocah wadon sing gawe ngisi atiku?” “Yen opo sing mok omongke iku tenan, aku ora iso ngomong mboten gawe pitakonmu, amergo aku namong iso ngomong iyo,” Omongku marang Raka “Opo tenan iki Ran, suwon Ran aku wis ora bakalan nglarani atimu maneh, lan aku bakal jogo sliramu marang aku”.
Sak bar e iku aku lan raka mlaku ing tengah udan disambi nikmati bebarengan sing wis suswi ilang ora karuan jlamutanae kepangan wektu.

      

PREIAN ANA ING KUTHA MADIUN
Dening : 
M. RYVALDO GILANG A ( 18 )
Preinan utawa liburan sekolah semester wingi aku ngentekake wayah bareng keluarga kanggo liburan menyang omahe sedulur neng Madiun, kurang luwih 6 jam dalan saka Jombang ketuk Madiun nggunake bis, sajrone neng dalan aku ndeleng akeh pemandangan ingkang asri lan sedep disawang ana mripat kaya sawah, gunung , lan sak panunggalane. Ora krasa wis nganti neng kutha Madiun. Sak bar tekan ngomah sedulurku aku disambut saka sedulur-sedulur ku, wis suwe aku ora ketemu karo sedulurku neng Madiun mergo aku jarang moro neng nggone sedulurku Madiun, sak suwene ngobrol ora krasa dina wis bengi lan aku nganti keturon.

Esuk dinane, aku dijak sedulurku lunga mlaku-mlaku mubeng kutha Madiun aku uga diajak menyang alun-alun kutha Madiun ora dak kiro yen neng kana ramai banget wong-wong sing marung rentep rentep podo jejer, ora naming siji nanging akeh macem e kaya dodolan sego, panagnan gorengan lan sak panunggalane. Dak samba mlaku mlaku aku karo sadulurku kersa mgincipi jajanen ingkang kesuwor saka kota Madiun opo maneh yen duduk BREM, jajanan saka sarine ketan sing rasane adem yen dipangan. Ora krasa langit ndodohake petenge, nandaake yen aku karo sadulurku kudu bali muleh, akhire aku karo sedulurku milih ojek wae gawe moelh yen ora kebengen sotok omah. Wektu neng dalan mulih aku ora lali tuku panganan kanggo neng omah. Ora suwi aku wis tekan omah, sak bar e aku mlebu neng ngomah aku banjur diajak nonton film kedhemenan ku wektu film neras dumadakan sawong teka jebulna kuwi yaiku kanca sedulurku dheweke uga melu nonton film, rasane kaluargaku rame yen lagi nontong bareng ngene kuwi, saking serune ora krasa yen bengi tambah peteng, gak layakne mripat wis sepet arep gawe melek, aku lan sedulurku ngongkonke kanggo turu.

Ana neng dina berikute, aku ora ngerti yen dina iki yaiku taun anyar dumadakan sedulurku teka ngagetake dak jebulna dheweke pengen ngajak aku menyang alun-alun mengko bengi kanggo ngrayake taun baru bareng. Neng ngendi pasti rame amergo ngrayake taun anyar bebearengan nyumet mercon lan nyebol terompet sak ben panggonan. Jebul bengi dinane aku lunga bareng sedulurku menyang alun-alun, jebulna neng dalanan kutha Madiun ramai pisan akeh wong sing ngrayake taun baru bareng keluargane, wektu petung mundur tiba langit sing maune peten saiki dadi werna-warni mergo akeh kembang api. Aku lan sadulurku melu bebarengan karo wong liyane, dewene yo melu nyebul teromoet lan nyumet kembang api.
Ora krasa aku wis ndina-dina ana ing Madiun amergo isuke aku kudu mulih menyang Jombang, sadurung mulih aku ora lali tuku oleh-oleh khas Madiun yaiku brem kanggo sedulur-sedulur ku neng Jombang. Aku ora bakalan lali pengalaman iki, lan aku pengen bali maneh yen ono preian semsteran ngunu kuwi.


Bocah pangadol Koran
Dening :  MOHAMMAD USTON NAWAWI ( 19 )

 Neng sisih wetan, srengenge durung katon. Embun nang esuk iku krasa adhem banget. Alam isih dikemuli embun esuk. Sawong anak ngontel sepedane neng tengah dalan sing isih sepi. Sapa sih bocah kuwi? Dheweke yaiku sawong pangadol Koran, sing nduwe jeneng Dani.Baca Juga;Cerkak Bahasa Jawa HariPertama Masuk SekolahKawit gebug lima esuk, dheweke wis ketuk neng panggon agen koran saka pirang-pirang penerbit. “Jupuk pira Dani?” Takon Bang Kirun.“Biyasane wae.”Jawab Dani. Bang Kirun njupuk sacacah koran lan majalah sing biyasadigawa Doni kanggo langganane. Sakwise buyar, dheweke banjur mangkat.Dheweke nekani pelanggan-pelanggan setiane. Saka siji omah menyang omah liyane.Ngonoa pagawean Dani saben dinane. Ngenterne koran marang para pelanggane. Kabeh kuwi dikerjakne dheweke kanthi seneng, ikhlas lan rasa kebak tanggung jawab.Pas Dani lagi ngayuh sepedane, dumadakan dheweke dikagetke karo siji barang. Barang kesebut yaiku bungkusan plastik arupa ireng. Dani dadi ndredek. Barang apa kuwi? Dhewekeragu-ragu lan rumangsa keweden amarga akhir-akhir iki kerep kedadean peledakan bom nengendi-endi. Dani kuwatir barang kuwi yaikubungkusan bom.Nanging akhire, dheweke nyoba mbukak bungkusan kesebut. Katon neng jero bungkusan kuwi ana siji kardus. “Wah, apa isine ini?’’ pitakone neng njero ati. Dani cepet mbukak bungkusan kanthi ngati-ati. Kagete dheweke, amarga neng jerone ana kalung emas lan panganggo liyane. “Wah apa ini?” Pitakone njero ati. “duwe sapa, ya?” Dani molak-walik ali-ali lan kalung sing ana neng jero kardus. Dheweke luwih kaget meneh amarga ana kertu kredit neng jerone. “Lho,…iki duwe pak Alif ta, Meskae pisan pak Alif , rupane dheweke wis kemalingan.”Batine neng njero ati.Apa sing dikiraknekne Doni kuwi pancen bener. Omah pak Alif wis kelebonan maling mau bengi. Amarga maling kesebut kesusu, bungkusan panganggo sing wis dikumpulake dheweke tiba neng ndalan. Dani kanthi cepet ngandani pak Alif. Dheweke nyeritoke apa singkedadean lan dheweke temokake. Ebo senenge pak Alif amarga panganggo duwe bojone wis bali. Dheweke bersyukur banget, panganggo kuwi tiba menyang tangan wong sing jujur.Baca Juga:Cerita Plesiran Bahasa Jawa Liburan Sekolah 2015Dadi ucapan matur nuwune, pak Alif menehake modal marang Dani kanggo mbukak kios neng omahe. Saiki Dani ora kudu ngontel sepedane maneh kanggo bebakulan koran. Dheweke cukup nunggu panuku teka kanggo mblanja. Lagekne kanggo ngirim koran lan majalah marang pelanggane, Doni digantekne saka sedulure sing kabeneran durung nduweni pagawean.Kuwi akhir saka siji kejujuran sing arep nekakake kebahagiaan neng kuripan mbesuk.


Murko
Dening : Nabilatul Fikriyah

Ing tlatah Jombang aku lan kaluwargaku manggon. Jenengku Saripeh, aku putri siji-sijine ing kaluwargaku. Wong tuwaku (asmanipun Suminah lan Sumitro) duweni dhuwit sing cukup kanggo bayar sekolahku, malah dhuwit kui mang nganti luwih lan isa gawe tuku omah loro, mobil loro, lan pesawat siji. Aku saiki isih sekolah ing SMA Negeri 5 Jombang.
Dina Senin, aku mangkat budhal sekolah. Aku budhal diterake karo sopir pribadi nganggo mobil Vellfire. Dene Papi kerja dadi Dewan Perwakilan Rakyat Daerah (DPRD) ing Jombang, nanging Mamiku mung dadi  ibu rumah tangga ngramut omah. Ing sekolah aku kalebu murid kang hits lan dikagumi. Nanging aku ora tau nggatekake wong sing dadi fansku.
Ing sawijining dina nalika aku isih ana ing sekolah, aku entuk sms saka nomor sing ora tak kenal. Isi sms kui yaiku 
“Aku njalok dhuwit rong milyar, kowe lan kaluwargamu kudu menehi aku dhuwit kuwi. Yen kowe ora menehi, kowe lan kaluwargamu bakal tak pateni.” 
Aku banjur kaget lan gupuh. Sak jroning wektu piwulangan, aku terus mikirake karo nglamun. Apa sing kudu tak lakoni? Apa aku kudu manut lan ngomong nang wong tuwaku? Apa aku mung meneng wae, ora ngapa-ngapa? Huuft…. Lalekne wae lah.
Sawise kedadeyan iku, aku isih tetep kepikiran maneh. Pungkasane ing omah aku ngomong ing papi lan Mamiku yen aku diteror karo wong sing gak tak kenal. Aku keweden lan ora wani ngapa-ngapa. Papi lan Mamiku uga gupuh lan bingung arep ngapa. Nanging iku ora suwe, Papi lan Mamiku banjur mikir solusine karo tenang lan ora gupuh. Wong loro kui maeng pungkasane nemokake solusi gawe masalah kui maeng. Papi lan Mamiku mutusake yen dheweke ora bakal nuruti panjaluke peneror kui.
“Putriku, kowe ora perlu khawatir. Ora usah gupuh lan wedi, Papi lan Mamimu wis nemu solusine.” Dhawuhe Papi. Banjur aku nyauti, “Enggeh Papi.” Jawabku. 
Sawise Papi lan Mami rembugan lan dhawuh neng aku, banjur aku lega. Nanging aku isih kaweden yen peneror kuwi nekat banjur kaluwargaku dicilakani. Aaarrgh….. Yo wis lah aku nurut wae apa omongane wong tuwaku. 
Wektu isih mlaku kaya biasane lan wus ra ana teror kanggo kaluargaku maneh. Tas wae aku ngrasakake tentrem ing kaluwargaku, dumadakan teror kuwi teka maneh. Aku entuk sms sing isine “Kowe lan kaluwargamu kudu ngekekake duwik kuwi sak iki, nek ora aku bakal mateni wong tuwamu”  Waduuuuhh….. piye iki? Sak wise teror kuwi, aku langsung marani wong tuwaku lan ngomongake kedadean iku mau. Ning wong tuwaku ora nggatekake lan sok ora perduli bab teror sing marakake aku ora tenang. Pungkasane aku yo mung meneng wae, ora isa ngapa-ngapa. 
Sesuke nalika aku ing toko buku aku entuk sms saka peneror kuwi maneh, isi sms kuwi yaiku “Wong tuwamu wis tak pateni lan wis tak buwak ing dalan Mawar. Yen kowe ra percaya, kowe bisa delok dhewe ing dalan kuwi.” Aku kaget , apa bener wong tuwaku dipateni? Yen bener, bakal piye nasibku mengko? Aku cepet-cepet mara ing dalan sing disebutno karo si peneror mau kanggo mastino. Dilalah tenan, Papi lan Mamiku wis nggletak ing pinggir dalan. Montore wong tuwaku ya ra ana. Aku bener-bener ra percaya karo kedadeyan iki, aku wedi yen aku urip dhewean. Aku mung iso nyeluk jenenge wong tuwaku lan dunga wong tawaku bakal ngrungokake lan tangi.
“Papi…. Mami… Kenapa sampeyan ninggal aku?”
Akhire ambulan teka lan gawa wong tuwaku ning rumah sakit sing cedhak.
Sak tekane ing rumah sakit, aku mung isa dunga kanggo wong tuwaku supaya ayah lan ibuku isa selamet lan isa kumpul bareng kaluwarga maneh. Sak wise ngenteni suwi, akhire dokter metu saka ruangan. Aku langsung marani dokter lan takon kepriye kahanane wong tuwaku. Dhawuhe dokter kuwi mau Papi lan Mamiku mung ngalami getihen sing gak sepiro akeh, nanging perlu perawatan kang intensif. Alhamdulillah Gusti…  Matur nuwun ingkangb kathah. Akhire aku isih isa kumpul maneh karo kaluwargaku. 
Ing wektu, panggonan, lan kahanan liya, para peneror kang mau neror aku lan nyoba gawe mateni Papi lan Mamiku kuwi pada rebutan bandha kang mau uwis entuk saka wong tuwaku. Dilalah peneror kuwi ora mung wong siji, ana telung wong kang kerjasama gawe neror kaluwargaku. Jenenge peneror kuwi yaiku Paijo, Paiji, lan Paijan. Katelu wong kuwi padha engkel-engkelan, kabeh jaluk bagian sing akeh. 
“Kudune aku sing entuk bagian paling akeh, amarga aku sing uwis bandha pulsa gawe sms.” Omonge Paijo. Nanging Paiji ora setuju, alasane 
“Ya ora ngunu, aku sing paling akeh amarga aku sing uwis mateni wong kuwi mau. Yen dudu aku sing mateni, arep sapa maneh? Kowe-kowe pada mesti ora ana sing wani. “ 
“Wis-wis aja tukaran, sak temene kuwi aku sing entuk bagian paling akeh amarga aku sing uwis nyusun rencana lan aku sing ngajak kowe kabeh supaya gelem ngewangi aku nglakokake rencana kuwi. Aku sing duwe ide kaya ngene iki.” Sahutane Paijan.
Amarga masalah rebutan kuwi mau, katelu peneror kuwi poleh dadi bacok-bacokan lan pada mati kabeh. Ya ngunu kuwi akhire yen wong iku kemurko, malah ora bakal oleh apa-apa.
Ing rumah sakit, Papi lan Mamiku uwis sadar. Atiku bungah, ora weruh arep ngomong opo. Tapi kedadeyan iki bisa dadi pelajaran kanggo uripku lan kaluwargaku ing mangsa ngarepe. Pancen Papi lan Mamiku kuwi ora tau gelem sedekah. Menawa kedadeyan iki bisa dadi peringatan gawe kaluwargaku, kabeh bandha iki dudu nggonku lan kaluwargaku. Isih akeh bandha kuwi sing dadi hake wong cilik. Mulane kuwi aku lan kaluwargaku wajib sedekah. Ora oleh tamak lan kemurko.


TAMAT

SAKA ATI
Dening : Nafiatun Nur Khamidah

Doni iku wong sing dadi buta amarga dheweke ngalami kecelakaan taun lalu. Sajrone dheweke dadi buta, Doni ngerasa keluargane ora gelem nggembul lan peduli karo dheweke. Keluargane luwih milih manggon nang Surabaya ketimbang Jakarta. Doni urip dhewekan nang omahe sing gedhe.
Ing sawetara dina, Doni pengen tuku kebutuhanne kanggo kuripane bendinane nang minimarket cedhak omahe, karo bantuan tekan tekenne Doni mlaku nang trotoar ngati-ati. Nanging, nasib apes dirasano Doni, dheweke tiba amarga tekenne nyandung watu. Bolak-balik dheweke nyoba ngadeg, tapi ora bisa amarga sikile kram lan ora bisa digerakno. Doni mung bisa ndungo ben ana sing arep nolong dheweke. Dungane terkabul pas suwara lembut nyapa pangrungone

“em… apunten, napa sampeyan sae-sae mawon?” Tangan wong wadon kuwi ndhemok pundhak Doni wektu dheweke nggelengno sirahe.

“Saget napa mboten sampeyan mbiyantu kula?” omongane Doni lirih, wong wadon kuwi sing ora liya yaiku Citra mung bisa ngesem.

“Nggeh, kula saget” senajan Citra wong wadon nanging dheweke nduwe tenaga sing ora bisa digampangno, dheweke mapah Doni mulih nang omahe Doni lan nambani sikile Doni. Citra ngrawat Doni karo lembut lan kebak kasih.
-------


Sajrone kahanan kuwi, Citra kancaan karo Doni. Malah, saben dina Citra mesti dolanan nang omahe Doni lan ngancani Doni.
Sairing mlakune wektu, Doni lan Citra padha senenge lan mutusno hubungan dadi sapasang kekasih. Citra tresna tenanan marang Doni tanpa ndeleng kekurangane Doni.

-------

Ing sawijining dina ing Taman, Doni takon nang Citra.

“Citra, ngapa awakmu kok bisa tresna marang aku?” pitakone Doni.
“Apa kanggo tresna marang wong perlu alesan?” Citra njawab pitakonane Doni karo pitakonan walik, Citra mesem “sing tak ngertine mung siji, yaiku aku tresna marang sampeyan mas” wangsulane Citra.
“Nanging aku buta, apa sing bisa tak lakoke gawe awakmu? Doni takon nang Citra.
“Mas, aku ora ngarepno opo-opo tekan sampeyan. Sampeyan bisa seneng lan tresna marang aku iku wes cukup gawe aku. Aku bakal seneng yen sampeyan yo seneng” krungu wangsulan sing tulus tekan Citra, Doni atine kena.
“Ora ana sing peduli karo aku kajaba awakmu Citra, Suwun.” Doni ngomong karo meluk lan ngelus-elus rambute Citra sing dawa.
Doni ngeculke pelukane lan ngomong, “Citra, yen aku wes bisa ndeleng dunia iki maneh, aku bakalan nikahi awakmu.”
“Iyo tah?” takonane Citra.
“Iyo, aku janji.”

--------

Sairing wektu, rasa sayange Doni marang Citra tambah erat. Nganti wektu sing diarepno Doni wes teka, Doni nglakoke Cangkok mripat lan dheweke bisa ndeleng dunia maneh. Atine doni seneng lan pingin ketemu Citra. Nganti dheweke ngerti yen Citra iku wong wadon sing buta.
Doni kaget sakwise meruhi yen Citra iku buta, Doni ngerasa kuciwa lan mutusno ninggalno Citra. Doni lali karo janjine marang Citra.
Ndeleng keyekten iki, atine Citra lara kaya dijojoh karo ewon paku. Karo nggrayah-grayah, dheweke ngupadi ngampiri Doni.
“Mas, sampeyan wes janji nang aku yen sampeyan bakal nikahi aku? Takonane Citra kanggo ngelingno janjine Doni.
Nanging Doni malah mangsuli pitakonane Citra rada kasar, “Ancen aku tau ngomong ngunu iku nang awakmu, tapi gak pas kedadean kaya ngene iki. Sepurane, aku ora bisa lan ora bakal nikahi wong buta kaya awakmu. Yen aku nikah karo awakmu, wong liya bakal ngadohi aku maneh. Aku ora arep nduweni bojo buta kaya awakmu!” Doni langsung mulih lan ninggalno Citra sing atine lara.
-------

Citra ngerasa wes dikhianati karo Doni. Amarga wes ora sanggup karo prilakune Doni, dheweke mutusno nulis surat sakbisane kanggo Doni lan bunuh diri.

Kanggo Mas Doni
Mas, aku pancen ora bisa ngekeki lan nglakoni opo-opo gawe sampeyan, nanging aku bener-bener tresna lan sayang marang sampeyan. Mugo-mugo mripat sing tak wenehno nang sampeyan bisa ngguna lan rasa seneng bali maneh nang sampeyan. Mas, aku tau ngomong nang sampeyan kan? Yen Sampeyan seneng aku yo melu seneng. Mulane sampeyan jaga mripate becik-becik ben sampeyan tetep seneng lan ora sedhih maneh.
Citra

Maca isine surat pungkasan tekan Citra marahi Doni ngerasa nyesel, dheweke ora ngerti yen mripate iku tekan Citra sing wes ditinggalake lan larani atine. Nanging Doni mung bisa getun lan sing turah mung pangrasa nyalah sing nyimpen nang ati nganti mati.
------

awake dhewe ora oleh ndeleng samubarang karo pandangan,ngliyakne karo ati awake dhewe. amarga mripat kuwi bisa mbutakake lan nggorohi, nanging ora karo ati. amarga ati ngrupakne kejujuran sing paling jero tekan urip manungsa

-END-
  


                                                              Tuku hp Android
                                                                Dening : Refan Ardianto (  23 )
Pas dino minggu aku dolan nang kanca-kancaku, aku delok kanca-kancaku podo gae hp Android lah aku durung duwe hp. Aku heran, kok yo wes ditukokke wongtuwane, la aku kok urung, opo jaluk kon nukokke pakku wae yo.
    Akhire aku ngomong ning pakku. Rodo wedi seh jane, tapi yo pie maneh, la kanca kancaku do wes duwe. Pas bengi-bengi mari isyak, akhire aku ngadep bapak juk kanda perihal pengen hp Android iku.
“Pak, lagi ngopo,” aku miwiti omongan.
“Gek mari sembayang, opo le” bapakku nyauri.
“Aku oleh jaluk sesuatu pak, yo nek oleh seh,” saurku.
“Laiyo opo,” bapakku jawab.
“Ngene pak, aku oleh ora duwe hp Android. Rasah apik apik utawa larang-larang. Sing penting iso go internetan. Iki go dukung sinau kok pak,” muniku karo rodo nylimur sihtik.
   Bapakku ra langsung ngiyani. Dekke mikir delok. Mungkin bapak mbatin, bocah SMP opo wes wayahe nyekel hp, Android sisan. Wah aku was-was lan cemas. Tapi yo sing tak omong ning awal mau, yen dikabulke yo sokor ora yo sokor. Akhire bapak jawab.
   “Yo, sesuk lungo karo mas mu ning konter hp, rasah larang-larang hp Android sing dipilih. Maksimal 500 ewunan,” saur bapak.
“Matur suwun pak!” jawabku.
   Akhire, sesuk aku ning konter hp ameh tuku hp Android. Alhamdulillah bapak ngabulke permintaan ku tapi aku juk akhire yo rodo mikir, oleh hp Android opo yen semisal diwehi duit 500 ewu? Tapi yo lumayan oleh hp sing isok gawe internetan karo dulinan game lan gawe sinau.


EMAK
Dening : Rizki Kurniawan ( 25 )

 Ana sawijining dina, sore iku ibu lan bapakku nrima bocah cilik sing usiane sekitar 2 taun iku.Bocah kuwi wadon mripate bening kaya lintang, rambute lurus, kulitane putih resik ananging gorong nduweni jeneng. Ibu lan bapakku nrima bocah kuwi saka wong wadon sing rada enom ananging di sawang kaya layu, sayu, pucet, lan nduweni lara gedhe. Wong wadon kuwi ngekekake bocah cilik iku karo nangis sesengguk`an nang ngarepe bapak lan ibukku.
         Sawise nrima bocah cilik iku ibu lan bapakku menehi jeneng bocah cilik kuwi Diajeng. Ibu lan bapakku ngendikan marang aku yen aku kudu nrima Diajeng dadi adhiku. Ibuku yo crito yen wong wadon iku seng ngekek`ake Diajeng marang keluargaku iku ibukke Diajeng. Dheweke pasrah lan nitipno Diajeng nang keluargaku amarga dheweke di diaknosa dokter kena kanker darah lan umure ora bakal dawa . Ibukke Diajeng ya kandha yen penyakite kuwi bakal nurun nang anake Diajeng.
   Telung taun lumaku, suwene aku lan keluargaku ngramut Diajeng. Aku saya tresna marang Diajeng. Diajeng wis tak anggep dadi adhik kandungku dewe. Dina – dina, isuk lan sore aku dolanan, belajar, lan guyonan karo Diajeng. Rasane seneng nduwe adhik Diajeng sing watake nariman, polos, lan uga bungah sak bendinane.
Dina iku aku lan keluargaku krungu kabar duka yen ibuke Diajeng sampun ditimbali dhateng ngarsanipun Guti Allah. Aku lan keluargaku sedih lan padha nangis ing njero kamarku. Nanging, aku lan keluargaku ngupayakno nutup rapet – rapet kabar iku mau lan ora menehi weruh marang Diajeng.

   Dina – dina tak lewati karo Diajeng. Sak iki Diajeng wis umur 16 taun 11 ulan. Kari sak ulan Diajeng kajenge umur 17 taun. Dina iku dina sing paling gak tak senengi. Ibu, bapak, aku lan Diajeng lenggah ing kursi mbale omah. “ Sak iki wayahe, kate kapan maneh Diajeng wis gedhe lan sak iki wayah sing pas kanggo ngomongke asal usule Diajeng ” ngendikane bapak. Akhire sore iku bapak kandha ning Diajeng ngenani asal – usule Diajeng lan ngedi ibuk e. Diajeng ikhlas lan nrima, dheweke nangis nyucurake banyu mata. Ibuku lan aku ngrangkul Diajeng supaya Diajeng bisa nrima kahanane sing kaya mengkono.
   Rong dina sawise kedadeyan iku Diajeng lara, awake adhem panas, sak bendina mimisen lan awake nyelot suda. Karo bapaku Diajeng digawa menyang Rumah Sakit Kenanga. Sawise dipriksakno, dokter kandha yen Diajeng kena kanker darah turunan saka ibuke luwih parah maneh yen Diajeng kankere wis stadium 4 lan kudu di ramut ing Rumah Sakit. Seminggu suwene Diajeng ing rumah sakit. Aku sedih lan nelangsa yen nguwaske Diajeng. Seminggu uga kedadeyane Diajeng tambah parah lan Diajeng kena kritis. Aku nangis sesenggukan lan dunga supaya Diajeng bisa waras lan pulih. 
   Jum`at 7 Desember 2007, dina iku pas ulang tahune Diajeng, nanging kahanane Diajeng isih kritis. Sore iku, sekitar jam 4 udan deres. Diajeng sadar, aku lan keluargaku jekekalan seneng banget rasane. Nalika sadar Diajeng kandha yen dina iki dina ulang tahune dheweke, kanthi suara lirih Diajeng njaluk kado marang aku arupa roti bolu 2, gantungan merpati 2, lan mawar 2. Kabeh serba 2. Udan – udanan tak lakoni aku nggoleke barang – barang sing dipengeni Diajeng. Sawise aku entok barang iku, langsung tak wenehna Diajeng. 
    Rasane seneng yen nguwasi Diajeng seneng. Nanging aku nduweni pitakonan ing atiku genea Diajeng njaluk barang sing jumlahe loro kabeh ? Diajane daktakoki babagan iku mau nanging dheweke ora njawab. Diajeng nyisihna roti bolu 1, gantungan merpati 1, lan mawar 1 di gegem ing tangan kiwa, lan sisane digegem ing tangan tengen. Keluargaku bingung ndeleng Diajeng “ Kenapa karo Diajeng iki ? “ kabeh isih bingung. Pirang – pirang menit aku ndelengi deweke, dheweke malah nggegem rapet – rapet barang iku mau. Kanthi suara lirih Diajeng ngomong “ Pak, bu, mas sepuntene yen Diajeng nduweni salah. Diajeng pengen nyusul lan ketemu Emak. Diajeng bakal ngwenehna barang iki nang Emak kanggo dulinan aku karo Emak. Diajeng sayang bapak, ibu, lan mas “
Diajeng nangis. Aku, bapak, lan ibu ngrangkul Diajeng sambi nangis. Kabeh padha nangis, ora bisa ngomong sak kecap bae. Alon – alon Diajeng nangis samba nutup mripate kaya kapene turu. Diajeng ora tangi. Ya ra tangi. Diajeng sampun ketimbalan ing ngarsanipun Gusti. Diajeng sampun ketemu emak e ing panggonan ingkang suci.

                                                         Salah pilih
Dening : Sukma Faridhotul Anisyah

    Ana sapasang bocah neng kelas seng akrab banget sampek nandi" nek enek ani mesti yo enek bejo. Wong loro kuwi konco seng podo saling nyayang lan saling mbantu apo ae seng dibutuhno. meskipun ngunu wong loro kuwi mesti tukaran nek omong" an tapi tukaran seng lumrah terus bari ngunu apikan maneh. Amarga koncoan ket cilik wong loro kuwi podo eroh watake liyane sehingga nek ono masalah seng sodok gede mesti enwk seng ngalah lan njalok sepuro ndisek. tapi meskipun ngunu ani ora ero lanek bejo iku nduwe penyaket  amergo bejo ora tau ndodohno marang liyane wong kecuali keluargane. sehingga bejo cuman duwe konco sitik nang kelas soale bejo gak iso baur karo liyane.
        tapi persahabatane bejo lan ani mulai pecah. semenjak sma iki  wong loro kuwi ijek apik" wae hubungane. tapi hal iku gak berlangsung dowo soale pas ani kenal joko sikape ani berubah marang bejo. Ani wis arang omong-omongan lan guyon ambi bejo. opomane pas ani wis pacaran ambi joko arek e tambah wis ngindari bejo lan  hal iku nyebabno bejo resah lan bingong opo seng nyebabno ani ngunu. sikape ani kuwi dikarenakno joko gk seneng nek ani cedak" karo bejo soale joko wedi nek ani seneng karo bejo.GAk trimo joko seng ngangget kabeh arek yo  nyangka nek bejo iku seneng ani siale saking arape wong loro kuwi koryok wong pacaran.api meskipun ani mesti nyangkal lan pervoyo nek bejo nganggep arek e konco pacare tetep gk seneng nwk ani jek cedwk ambi bejo. saking tresno e marang joko cek joko gk nyangka aneh" ani gelem ngindari bejo lan luwih akrap nang konco liyane padahal ani iku ya gk tego ambi bejo.
     bejo bingong karo sikape ani amergo sikape Ani sing bedo tekan biasane. Sak suwene iki Bejo takon marang Imah, sing sak ben dino bebarengan karo Ani " mah mah...aku oleh takon ta gk?" takone Bejo " gak popo jo kowe arep takon opo?"sahutane Imah. “iku loh mah kenek opo ani kok est gk gelem dolan lan ngindari aku yerus sak iki? " takone Bejo “oalah Jo aku ora ngerti iku wong yo aku kaet cidek karo Ani.” Tanggepane ima.Ora entok jawaban pasti saka imah joko pun nekad takok nang ani langsung soale bejo emoh nek hubungan peryemana seng ket cilik iki rusak tapi gk ero sebabpe. pas arek e takon ani asline ani gk gelem njawab pitakonane bejo tapi pas di desek ambi bejo akhire ani nyritakno nek arek e ngindari bejo amergo pacar, deweke ora gelem pacare iku salah paham lan gk diangge te pacaran ambi bejo karo konco" liyane. ero jawaban iku bejo tambah ngguyu kepingkel pingkel soale diarani tresno ambi ani lan arek e njawab" aku loh nganggep kon  adikku dewe an soale aku pingin duwe adik " ani pun ngeles tapi kan maksudmu iku gak onok seng ero jo, konco-konco wis ngangget awakmu seneng aku akibat cedek e awak dewe seng koyok pacaran nek diwasi wong liyo. karena ani seng tetep pingin ngadoh nanh bejo , bejo pun mureng" lan pasrah nek iku seng dikarepno ani cek hubungane karo joko langgeng . sejak saat iku bejo pun meleh golek konco liyane gantine ani. lan nek ketemu ani bejo pun ngindar lan pura-pura gk kenal .
      waktu terus berlalu ani baru ngroso nek koncone sak iki gak iso senyaman lan se enak bejo mergo koncone sak iki luweh mwntingno dewek e dewe daripada nyenengnio koncone lan ani baru sadar pacarre ya gak apik gawe areke sole joko ternyata iku ya nduwe konco wedok liyane lan akeh pacare neng njobo sekolah.  ani seng ero iku langsungmutusno joko lan jengkel ambi awak e dewe seng iao dibujuk i joko lan rela ninggalno konco apik e karno pacare seng sifate elek.
                        Meskipun wes nyesel karo kelakuane awakdewe ani pancet ora iso mbalekno keadaan koyok biyen maneh sing iso cidek lan akrab banget karo bejo. Lan bejo keadaane wis tambah parah tekan ani, arek e gk iso nduwe konco gawe nyemangati sehingga penyakitepun gelek kumat tapi yo gk onok sing ngeruhuhi nek pas arek e loro.  Amerga iku penyakite bejo tambah parah lan arek e pasrah akan keadaane menisan wong tuwone joko kuwi uripe yo pas-passan sehingga gawe mangan lan gawe bayar sekolah duwite est entek.
                        Akhir cerita bejo pun arang masuk sekolah lan konco sekolahne wes podo babagan keadaane, hal iku nggawe ani resah lan marani bejo nang Omah e. sampek omah e bejo ani baru tau nek bejo wis gak iso tangi mane amerga penyakite seng luwih nemen timbang terakhir arek e sekolah. Neng kunu Ani yo langsung njalok sepura nang bejo lan akhire wong loro kuwi koncoan maneh. Anipun ngebantu Bejo tombo marang mantra nang deso e. meskipun penyakite Bejo seng angel waras yaiku mengi seng akut amerga semangat maneh arek e ijek iso sekolah lan njogo awak e supaya gak kambuh maneh. Lan 2 bocah kuwi iso balek maneh koncoan ning sekolah lan neng omah bendinane tanpa ora onok seng garai maneh.


            Tekan : Sukma Faridhotul Anisyah
Kelas :12 IPS 4 / 25



                                                                Liburan Sekolah
                                                                 Dening : Tedy santoso ( 26 )
Prei semester wingi aku kaliyan sekeluarga preian ning Yogyakarta. Propinsi istimewa iki duwe akeh obyek wisata sing apik banget. Mulai soko obyek laut, gunung, sejarah, candi, lan pirang-pirang liane. Perjalanan budal ning Yogyakarta iku suwi banget. Pas prei semesteran iku, aku dulan ning Malioboro.

Budal numpak mobil, aku, ibu, bapak, mas, karo mbak. Aku ning mobil mung bisa turu amarga mabuk. Perjalanan e suwi ngantek mangan waktu 5 jam. Tengah tengah perjalanan aku sekeluarga mampir ke warung. Istirahat sediluk mari ngunu lanjut budal perjalanan. Ora kroso reti-reti wes tekan Yogya. Yogya kota e adem lan sejuk. Akeh pemandangan apik lan monumen bersejarah ning samping jalan. Aku sekeluarga akhire wes teko ning malioboro


Sepanjang dalan Malioboro akeh banget bakul kaki lima. Para bakul sing dodolan iku jajakke beragam produk mulai kerjainan, sandangan, nganti panganan. Aku bingung ameh pilih sing ndi tur regane murah-murah bingit. Sopo seng ora kepengen tuku. Malioboro rame banget sampek desek desekan. Akeh turis tekan negara negara liyo seng arep belanja ing malioboro. 


Bapak tuku sandal, ibu tuku daster, mbak tuku kaos, mas tuku sabuk. La aku tuku opo? Iku sing ning sirahku mikir ora uwes-uwes. Mlenga mlengo akhire aku milih tuku sandal wae. Itung-itung sandalku wes ameh jebat mumpung regane murah tur iso dinyang tak sikat wae.


Sandale regane 40 ewu tapi iso tak nyang 15 ewu. Murah tenan tur iki asli made in Jogja hahaha. Ora kroso waktune wes ameh sore, aku kaliyan sekeluarga bubaran lan mlakuneh neh perjalanan moleh. Sadurung e moleh aku lan keluargaku foto foto disek. Sak wis e foto foto aku sekeluarga langsung moleh ning Jombang.


Tapi mung sidono ora utuh mergo aku mangkate wes rodo awan, aku seneng banget meski pegel kabeh. Sak ora orane balik Jombang wes gowo oleh-oleh. Bakpia, gethuk, gudeg, dan lain lain sing ameh tak caoske simbah. Oleh oleh tekan Yogya enak enak lan murah banget. Lumayan oleh gratis sandal lan panganan plus jalan-jalan ke kota pelajar.


Iku pengalamanku liburan ning malioboro. Aku seneng banget bisa liburan ke Yogya amarga kota e istimewa.





PERJUANGAN TRESNA SING ENDAH
Dening : Tria ( 28 )
Kriing..kriing…kriing….
          Jamku muni tepat jam 04.00, aku langsung tangi lan mangkat adus. Mari adus langsung sholat subuh, sakmarine iku aku langsung siap-siap mangakat menyang sekolah. Taun iki yaiku taun ajaran anyar, aku lungguh ing kelas 4 MI.

           Pas tekan sekolah, “braaakk” moro-moro tekan mburi aku ditubruk karo siswa lanang kelas 6 sing mlayu gupuh, sampek buku sing tak gowo wektu iku rutuh kabeh. Arek iku maeng langsung njaluk sepuro karo ngewangi aku njupuki buku.
“sepurane sepurane yo, aku gupuh kabeh iki mau”, karo njupuki buku-bukuku sing rutuh.
“hmm, masio gupuh tetep kudu ati-ati mas”, jawabku sinis karo tak tinggal ngaleh.

           Tekan kelas aku langsung manggon bangku ngarep dewe karo koncoku sing jenenge Aida.
         “lapo iz, senajan kowe kok manyun ngunu?”, takone Aida menyang aku.
“hmm, iku mau aku ditubruk karo arek kelas 6 sampek bukuku rutuh saiki rusuh kabeh kaya ngene”, jawabku.
“alah wes rapopo iz, isa tuku mane, haha”, jawabe Aida karo ngguyoni aku.

Teeett…teeett…
           Jam 13.00 bel sekolah muni amarga wayahe mulih. Pas mulih aku mlaku nglewati kelas 6 karo Aida. Lan pas wektu iku…
“hai, Faiz” sapane mas Irwan sing nubruk aku mau isuk.
“hh, yo mas”, jawabku cuwek.
“ehem..ehem, gak ganggu wes aku. Dhisik yo, aku wes disusul”, Saute Aida karo mlayu nag Ibune sing wes nyusul.

         “sepurane yo iz gawe mau isuk, aku tenanan gk sengojo”, karo ngajak salaman aku.
“iyo rapopo mas, wes tak sepuro” jawabku singakat karo nerimo salamane.
“oke suwun, mulai saiki awakdhewe koncoan yo iz”.
“oke mas Ir, mulai saiki awakdhewe koncoan”.

            Mulai wektu iku, aku karo Mas irwan koncoan apik. Dolanan bareng, kadang-kadang yo sinau bareng. Sampek akhire Mas Irwan lulus lan nglanjutno nang MTs, disusul aku yo lulus nglanjutno nang MTs sing podo sisan. Nang MTs aku karo Mas Irwan tetep koncoan apik kaya ing wektu MI biyen. Sampek akhire aku nduwe rasa seng aneh nang Mas irwan.

          “hai iz, iki aku ana ngombe adhem gawe kowe, ngelak kan?”, takone Mas irwan nang aku karo ngekekno sabotol ngombe adhem.
“i.i iyo mas suwun”, jawabku ndredeg.
“engko sore aku nang omahmu yo iz, sisan karo ketemu Masmu”
“emm, iyo gapopo dolano mrono”.

           Pas aku lungguh wong loro, moro-moro ana arek wedok seng sakelas karo Mas Irwan marani.
         “he wan, nang kantin yok aku lesu pengen mangan karo awakmu, pasti seru”, ajake mbak Tita konco sakelase mas Irwan.
“ayok, sisan aku yo gorong mangan”, jawabe mas Irwan nrimo ajakane mbak Tita.
Mas Irwan langsung ninggalne aku tanpo pamitan. Aku langsung ngroso sedih pas nguwasi arek loro iku.

          Dino sesuke aku ngerti mas Irwan karo mbak Tita maneh, arek loro iku tambah akrab ngluwihi aku karo mas Irwan. Mulai wektu iku persahabatanku karo mas Irwan gak jelas.

          Setaun wes tak lewati nang MTs iki. Pas dina Rabu jam 09.15 aku ditimbali Bu Umi nang ruang latian gawe akhirussanah kelas 9. Pas latiane isih istirahat aku metu ruangan nggolek angin. Gak sengojo aku krungu arek ngomong nang taman sebelahe ruang latian. Pas tak inceng tibakne Mas Irwan karo Mbak Tita.
“wan, aku pengen ngomong nang kowe”, omomnge mbak Tita menyang mas Irwan.
“ngomong opo tit?”, takone mas Irwan.
“sebenere aku tresno karo kowe wan, ket mulai kelas 8 aku wes tresno kowe. Kowe gelem gak dadi pacarku?”, ungkape mbak Tita.

            Aku sing nang kunu langsung kaget, lan aku ngroso suedih rasane kaya wes gak iso urip maneh.
“sepurane tit, ket biyen aku cuman nganggep kowe iku sahabatku tok, gak luweh. Aku sayang karo kowe tapi iku ya sebatas konco gak luweh.”
“sebenere aku tresno arek liyo,” jawabe mas Irwan.
“sopo wan? Sopo arek wedok seng iso nggawe kowe jatuh cinta?,” takone mbak Tita penasaran.
“areke yaiku.. emm, , Faiz tit, koncoku ket MI,” jawabe mas Irwan.

            Aku langsung kaget krungu iku, “brarti sakjane mas Irwan tresno karo aku?,” takonku nang aku dhewe ing njero ati. Aku langsung mlayu ninggalno panggon iku.
Pas hari-H akhirussanah, mas Irwan nemoni aku nang ruang pengisi acara karo ngejak kancane seng jenenge Rohman.
“iz, mreneo aku pengen ngomong karo kowe”, omonge mas Irwaan karo ngongkon aku nyidek.
“ana opo mas, aku kudu siap-siap tampil, ndang cepetan”, jawabku karo sondok ngindari mas Irwan.
“aku tresno kowe, kowe gelem gak dadi pacarku?,” pitakone mas Irwan menyang aku, karo ngekekno kembang mawar putih nang aku.

           Aku kaget lang ora ngerti kudu piye, wes bener-bener mati gaya iki. Opo maneh nang kunu akeh konco-koncoku seng mbengoki “ciyee-ciyee”, aku isin banget.
“iz, Irwan iku tresno kowe ket kelas 7, sanajan kowe wektu iku isih kelas 5,” sauté mas Rohman.
Aku meneng. “piye iz, gelem gak dadi pacarku?,” takone mas Irwan maneh karo isish tetep ngelungne kembang nang aku.
“se..sebenere aku yo tresno karo kowe mas, emm aku gelem dadi pacare mas Irwan,” jawabku karo mesem lan njupuk kembang ing tangane mas Irwan.
 Konco-koncoku lan mas Rohman podo nyoraki aku lan mas Irwan rame banget. Puleh aku sondok isin.
           Wektu mlaku cepet, gak kroso aku wes kelas 10. Aku sekolah nang SMA Negeri, seng dadi salah sijine sekolah favorit ing kuthoku. Mas Irwan seng wis dadi pacarku iku sekolah nang MA Negeri seng yo favorit nang kutho iki. Saiki mas Irwan kelas 12.

           Sabendino aku budhal sekolah mesti bareng karo mas Irwan amerga dalan omahku karo dheweke lan karo sekolahan searah. Nang deso, aku lan mas Irwan melok grup al-banjari karo. Masku yo melok grup iku, tekan al-banjari iki masku ngerti lalek aku pacaran karo mas Irwan seng koncone masku futsal iki. Alhamdulillah masku ya setuju lek aku pacaran karo mas Irwan.

            Ing sawijining dina, Masku ngomong nang mas Irwan.
          “wan, aku percoyo karo kowe, kowe iso njogo adhiku. Kowe aja sampek nyalahgunakno kapercayaanku iki yo, jogoen adhiku tenanan,” kongkone masku menyang mas Irwan.
“iyo mas, aku bakalan njogo adhimu sakteruse,” jawabe mas Irwan.
Mas Irwan wes janji karo masku yen dheweke bakal njogo aku saklawase.

           Gak kroso wektu mlaku cepet, mas Irwan lulus lan saiki nglanjutno kerjo menyang Gresik. Sakdurunge mulai kerjo, aku lan mas Irwan nyobak ngomong nang wong tuwo dhewe-dhewe. Alhamdulillah wong tuwoku ngrestui hubunganku karo mas Irwan, nanging wong tuwone mas Irwan ora setuju karo hubungan iki. Alasane amergo awakdhewe sak desa. Wong tueone mas Irwan emoh nduwe mantu podo desane.

          “iz, aku emoh pisah karo kowe, masio wong tuwoku gak ngrestui hubungane awakdhewe,” omonge mas Irwan nang aku.
“aku yo emoh pisah karo kowe mas, awakdhewe kudu merjuangno tresnane awakdhewe,” jawabku.

           Sesuke mas Irwan budal menyang Gresik. Akhire aku karo mas Irwan LDRan. Lan aku karo mas Irwan janji njogo atine dhewe-dhewe, ojo sampek kecantol uwong liyo. Awakdhewe mesti telfon-telfonan kadang yo smsan supoyo tresnane awkdhewe tetep kuwat lan tambah kuwat maneh.

          Ing sawijining dina, sore-sore wong tuwane mas Irwan rawuh menyang omahku. Wonge ngendika karo mureng-mureng.
“iz Faiz, , kowe ijek hubungan karo anakku opo? Wes aja nyedaki anakku maneh, aja ngehubungi anakku maneh, aku emoh nduwe mantu kowe,” ngendikane ayahne mas Irwan karo muring-muring.
“iya, Irwan ya wis tak jodohne karo anakke kancaku, dheweke luwih ayu ketimbang kowe, luwih apik pokoke,” sauté ibune mas Irwan.
“nanging kulo saestu tresna kale mas Irwan,” jawabku.
“wis gak tresnan-tresnanan, lek aku ngomong gak yo gak,” jawabe ayahne mas Irwan.
“sepuntene nggeh pak, bu monggo masalah niki diomongake ndamel cara kekeluargaan,” sauté ibuku.
“inggih pak, bu mboten sae lek ngenten, Irwan lan Faiz nggeh pun gedhe, kersane dheweke nemtokake jodohne dhewe-dhewe,” jawabe bapakku apik-apik.
“wis gak, aku tetep emoh ngrestui hubungan arek loro iki,” jawabe bapake mas Irwan karo mangkat mulih.
         Dina iku aku temenan sedih gak karu-karuan, rasane aku kaya wis gak iso urip maneh kaya pas mbak Tita nyatakno perasaane nang mas Irwan biyen. Aku terus-terusan nangis sabendina.
“wis talah nduk, aja mbok piker terus-terusan, mengko kowe lara”, ngendhikane ibuk menyang aku.
“kulo mboten saget nglalekake mas Irwan buk, kulo  saestu tresna kale dheweke,” jawabku.
“yawis, lek kowe tenan tresno karo Irwan, kejaren tresnamu, perjuangno tresnamu!,” jawabe ibuku karo ngekeki semangat.

          Gak kroso dino cepet mlakune, aku lulus tekan SMA, lan saiki aku kuliah ing Yogyakarta. Wis suwi aku karo mas Irwan ora ketemu nanging rasaku nang mas Irwan gak berubah tetep kaya biyen. Aku karo mas Irwan tetep berjuang ngentukno restue wong tuwane mas Irwan.

           Ing sawijining dina pas preian sekolah, aku mulih nang deso. Mas Irwan nyusul aku nang terminal. Wektu iku wong tuwane mas Irwan nang luar kota dadi mas Irwan iso budhal nyusul aku. Pas tekan terminal, aku karo mas Irwan lungguh ngombe es karo ngeculne kangen disek. Wis suwi gak petok rasane kangen banget. Nanging moro-moro saking mburi enek sing nyeluk mas Irwan.

          “Irwaann…”, tibakne iku ayahe mas Irwan. Aku lan mas Irwan langsung kaget.
Moro-moro ana bis teka buanter kok arah kiwo, lan…
braaakkkk.. “Ayahhhhhhh,” bengoke mas Irwan karo marani ayahe. Ayahe mas Irwan langsung digowo menyang rumah sakit wektu iku. Ngendikane dokter, ayahe mas Irwan kentekan darah lan darahe mas Irwan karo ibune gak enek seng cocok, akhire aku tes darah diolehi ibune mas Irwan amerga wektu iku keadaane kritis banget. Tibakne darahku cocok, akhire aku ndonorno darah gawe ayahe mas Irwan.

        Sesuke ayahe mas Irwan sadar, wonge ngerti ana aku, mas Irwan lan ibune nang njero ruangan iku.
“kowe lapo isik nang kene?,” pitakone ayahe mas Irwan nang aku karo muring-muring.
Aku mung meneng. “Yah, Faiz iki wis ndonorno darah gawe panjenengan, nanging panjenengan isih nyeneni Faiz ae,” omonge mas Irwan menyang ayahe karo nyentak.
“nggih yah, Faiz wis berjasa gawe uripe panjenengan, wis talah njarno ae Irwan karo Faiz bahagia, toh engko lek Irwan bahagia panjenengan ya melu bahagia,” sauté ibune mas Irwan. Ayahe mas Irwan meneng. “yawis ayah njaluk sepuro, mulai saiki ayah ngrestui hubunganmu.”
“ayah tenanan toh??,” takone mas Irwan.
“iya ayah tenanan wan”, “Faiz sepurane ya, aku mesti kasar karo kowe, matur suwun kowe wis nylametno uripku,” jawabe ayahe mas Irwan karo ngguyu.
“inggih pak sami-sami,” jawabku.



          Akhire aku lan mas Irwan terus bareng-bareng masio kudu LDRan, nanging aku karo mas Irwan atine tetep cedak. Dadi pesenku, kanca-kanca kudu tetep merjuangno tresnane nanging kudu nggawe cara sing apik lan masio kanca-kanca LDR, tetep kudu setia karo pasangane dhewe-dhewe. J



Ridho Tiyang Sepuh
Dening : Vina kurnia Sari ( 29 )
Nami kula  vina kurni sari,anak setunggal saking kalih bersaudara. Kula muncul saking seorang bapak pekerja atos ingkang jenenge nur wahid mawi ibu ingkang elok tenan atine yaiku ibu siti ropiah,nanging jejuluk tresna kula yakni mamak. Sakmenika kula lenggah ing kelas 12 benere IPS 4 Sman 3 jombang. Dados anak setunggal ingkang sampun dangu gesang tebih saking tiyang,tentu enten tanggel wangsul ingkang langkung ageng konjuk dipikul. Lulus kaliyan aos ingkang memuaskaan,mlebet ptn terbaik kaliyan fakultas ingkang sampun ing impikan,sukses lebet penghidupan,punika sedaya bokmenawi namung sekedhik kebahagian ingkang sanguh kula sukakna konjuk mereka. 37 pekan tersisa konjuk sebuah penentuan gasik saking penghidupan kula ingkang sebenare. Kebahagian utawi kesedihan akhir e mangke namung ridho uga rahmat saking PIYAMBAKIPUN ingkang sanguh kulq arepan,selain ikhtiyar. 

Ing penghujung wulan mei 2014 kebahagian,tangisan,penyesalan,uga sedaya jenis emosi lebet badan kulo medal. Kula bareng telu kanca ingkang njawi tenan biyasa ipit,aput uga rizky enggal kamawon nyumerepi hasil UN uga tentune disusul kaliyan hasil ujian serat ( TKD ) mboten sami kaliyan menapa ingkang kulo perkirakan. Kalih kancaku ipt uga aput kedadosan mlebet sma ingkang mereka karep,rizky milih konjuk sekolah ing sma ingkang ber basis islam ( MA ) uga kula piyambak dereng ing tampi nang endi-nang endi. 
Kaping tiyang sepuh kula awiti kawatir utamane mamak. Ing pas punika ora ono tetesan luh ing pipiku namung sebuah penyesalan ingkang mekaten lebet tenan. Sekita punika mamak kula meluapne kemarahan dhateng bapak uga kula. 
 “ Punika lo pak menawi panjenengan mbebasaken tenan,tiyang anak dereng gerang milih sampun ing sukani pilihan piyambak. Terus yok nopo sakmenika pak ? ” teros e mamak
 “ Inggih mak mangke kajengipun bapak ingkang urus
 “ sampeyan ugi mekaten pin tiyang damel pilihan punapa inggil tenan,ningal punika kapasitasmu sepinten,saged nopo
Menawi sampun kados niki cobi ningal 
Enten benere menapa tembung tiyang sepuh kula,aku gengsi tenan konjuk nuruti menapa ingkang mereka sarankan. 

Pancen kalih wulan sedurung ujian berlangsung kula dereng leres - leres sinau kaliyan maksimal.selainkarena keterbatasan dana ndherek sinau diluar jam sekolah kados 3 kawan kula liane ugi kathah faktor ingkang ndue pengaruh. Untunge kula gadhah kanca ingkang selalu nyerahaken kula semangat. Kaliyan nyukani kathah jiplakan soal saking panggen mereka les. beja tenan sanes 

Konjuk punika kaliyan 37 pekan tersisa niki menapa pun hambatanya aku badhe ajeg obah. Memaksimalne sedaya potensi mboten praduli menapa ingkang diomogne tiyang engkone. Amargi mereka namung sanguh crios mbasi kita sande / kedadosan. Ngantos diujung pekan terakhir aku sanguh nyriyosi mereka saking ujung telepon 
 “ mak anak sampeyan niki mlebet UGM kaliyan pilihan fakultas ingkang salebetipun niki kula impikan”  uga sampun dados target salebetipun kirang langkung 37 pekan ingkang terlewat. 
Terlewat kaliyan tangisan girang aku sanguh mireng wilujeng 
 “ nggih nak ajeg selalu semangat ibu badhe selalu meridhoimu medal “  saking lambene ingkang manis. 


Aku eling punika dudu akhir saking tanggungjawaab kula,taksih kathah ingkang kedah aku mengsah utamane raos lumuh ingkang terkadang timbul kaliyan piyambakne,mawi udara nafsu ingkang kula pitados sedaya tiyang gadhah punika. 



Konco Sejati
Dening : yayuk sugiarti

Ing sawijining dina, isuk iku Ira nglakoni tugas koyok biasane mari tangi turu, nang njedeng, sembayang, tros ngewangi ibuk e tandang gawe. Wes mari iku kabeh dewek e ados, sarapan, lan  banjur budhal sekolah. Sakdurunge budhal Ira yowes ngebiasakno pamet marang wong tua ne. Ira : “Pak, Bu Ira bidhal sekolah rumiyen” Bapak lan Ibu e banjur nyemauri “ iyo ndok ati-ati nang dalan sekolahe sing pinter”. Inggih Pak, Bu jawab e Ira karo ngucapno salam. Bapak, Ibune jawab maneh “Wa’alaikum salam ndok. Wes jam 06.00 Ira kudu cepet-cepet budhal ben ora telat amarga jarak omah karo sekolah e rodok adoh. Banjur jam 06:00 pas Ira tekan sekolah, jam 6:45 bel sekolah muni. Ira sekolah ing SMA Tunas Bangsa Jakarta Selatan, dewe e kelas 11 Ira murid sing pinter, ayu, lan nduweni sifat sing becik marang sopo wae. 
Dina iki ana peneliti tekan Bapak Bupati ing sekolah e, pas dewe e melbu kelas ndadakno kelas e jek rusuh seng wayahe piket tibakne gorong teko. Padahal kuwi wes masuk, gorong suwi wali kelas e Ira teko nang kelas nyawangi kelas e wes resik apa during, tibakne seng piket ae gorong teko. “ Cah piye iki kelas e jek rusuh mari ngene Bapak Bupati tekan kene mriksani sekolah e awakdewe?” gunem e gurune mau tros enek seng njawab i “ Langgeh bu, seng piket mawon dereng bidhal. Gurune takok maneh “sopo seng wayahe piket iku ndok?”  Tros di jawab maneh arek iku mau njelasno nang gurune mau. Gurune ngajak Ira lan konco-koncone gae ngresiki kelas iku mau, kelase jan rusuh banget amarga mari di gae kegiatan ndek winginane. 
Sampah-sampah plastik akeh nang ngarepe kelas, taman ngarep sekolah yawes  suwi jarang di resiki, sukete wes podo dhuwur-dhuwur. Resek-resek mau dimulai ana sing njabuti suket, ngelap  jendela, nyapu kelas, lan ngepel, Ibu gurune ya ngewangi. Ora suwi gerumbulane arek seng piket mau teko, arek-arek mau ora ngerasa salah lali lek deweke wayahe piket. Amarga pembentukan piket e jek tas di bentuk gorong ngerti pikete kapan. Tros arek mau di timbali karo Ibu gurune mau, di takoni lapo kok telat budhal sekolahe padahal areke wayahe piket dina iki. Gurue mau moreng-moreng terus arek mau kon ngewangi kanca-kancane resik-resik. Kelas iku rusuh ora enak lek di pandang akeh sampah-sampah kececeran nang ngarep kelas. 
Ora suwi enek arek seng ngomong “ sakjane iki tugase piket duduk tugas awakdewe rek” opo gunane di bentuk piket lek ora gelem ngresiki lingkungan kelase. Ndadakne gurune ngerti lek enek muride seng ngomong koyok mau, banjur gurune njawab “ iya nak samean enek benere tapi, lek awakdewe ngerjakno bareng-bareng tugase cepet mari. Itung-itung awakdewe  ngewangi kancane awakdewe resik-resik kelas ben bijine oleh apik.” Tros arek mau njawab mane “ lanapa kok ben wonten enten penelitian mawon sing mbantu, ben dintene mboten, seng ngerjaaken namung piket mawon. 
Gurune meneng wae ora njawab pertanyaan muride mau, tapi arek mau lan kabehe tetep resik-resik sampek mari lan kelase resik maneh ben enak di pandang Bapak penilaine ya seneng ndeleng lek sekolahe resik oleh hadiah penghargaan tekan Bupati. Mulai saiki awakdewe podo-podo ngewangi kancane gawe ngresiki kelas lan lingkungan sekitare supaya tetep apik, nyaman, asri, resik lan enak di delok. Senajan resik-resik mau wes mari ana arek seng tengok-tengok dewe nang pinggir kelas, koyoke deweke enek masalah. Arek mau konco sak kelase Ira jenenge Sandi, deweke murid paling nakal, jarang melbu sekolah, ora tau nggarap tugas, deweke ya gelek di seneni gurune gara-gara sikape. 
Ora enek arek seng gelem konco karo Sandi tapi Ira gelem konco karo Sandi, Ira nyawang mau banjur deweke nyedeki lan takok “ lapo kowe nang kene dewean, kanca-kancamu podo resik-resik.” Sandi njawab “ babah aku gak glem resik-resik males” Ira njawab neh “ojo ngunu kancamu moreng-moreng engkok kowe gak gelem ngewangi.” Sandi wes bolak-balik dielengne karo Ira tapi tetep wae ora di lakoni. Konco-koncone podo ngrasani tapi ora tau di gatekne karo Sandi, jenenge konco lek ora seneng mesti di rasani iku wes biasa. 
“ Sandi ora melu resik-resik malah tengok-tengok wae”. Sandi krungu tapi meneng wae, Ira malah seng njawab “ wes to ojo rasan-rasan wae di jarne wae kan awakdewe wes ngelengno areke. Ora apik rasan-rasan iku, awakdewe kudu isa ngrubah sifate Sandi seng koyok ngnu dadi murid seng sopan, apik, lan tanggung jawab, konco-koncone Ira mung njawab “iya Ra”. 
Tapi suwe-suwene sifate Sandi seng elek malah nambah kancane tambah jembek tapi Ira tetep wae mbelani Sandi. Tambah suwi Ira gak di cedeki karo kancane amargi senengane mbela Sandi arek nakal jek di belani wae, Ira meneng wae lan tetep nyedeki Sandi. Amarga Ira arek seng becik deweke tetep konco karo sopo wae ora peduli wong-wong seneng ta gak. Ben dina Ira nyedeki tambah suwe Sandi ora seneng karo Ira seng ben dina mbelani deweke sampek melok-melok gak di konco pisan. 
Sandi nggolek cara piye carane ben Ira ora nyedeki deweke neh, tibakne enek masalah ing kelas mau ana masalah yaiku enek hpne arek kelas seng ilang. Iku rencanae Sandi ben Ira mandek mbelani deweke. Jenenge Rudi seng kelangan hp, banjur deweke lapor nang kanca lan gurune, gurune nikdak lanjuti tas muride di priksani siji-siji. 
Pas tase Ira seng di priksa dadakno ana hpne Rudi kabeh podo kaget kok isa hpne Rudi nang tase Ira. Ira di utus nang ruangane guru lan ditakoni, di seneni murid seng di anggep teladan nang kelas malah njupuk hpne konco. “lapo nduk kok samean njupuk hpne Rudi?” takon gurune Ira njawab “ kulo mboten semerap bu, kula mboten mendhet hpne Rudi saestu bu kulo mboten mendhet.” Suwi ngobrol Ira kalah omong buktine enek, hpne Rudi ketemu nang njero tase Ira. Ira diwenehi hukuman ora oleh melbu sekolah sampek seminggu. Ira ora wani kondo marang wong tuane. Sandi krungu berita mau seneng banget amarga iku seng di karepne karo Sandi. Sandi sekolah tenang ora enek seng ngatur-ngatur, nyeneni deweke kecuali gurune. 
Gorong enek pirang dina Sandi seneng-seneng ora di ganggu Ira, tibakne Sandi ngalemi kecelakaan parah deweke sampek melbu rumah sakit. Ira krugu berita iku langsung kaget lan deweke teko nang rumah sakit, Ira seng nunggoni lan ngramut Sandi sampek Sandi sadar. Sawise sadar Sandi kanget tibakne arek seng nang sandinge iku Ira yaiku konco seng paling ora disenengi. “lapo kowe nang kene ngancani aku?” takone Sandi “yo ora opo konco loro kudu di sambangi” jawabe Ira padahal Sandi wes jahat nang Ira tapi deweke tetep ngancani. Sandi ngrasa salah marang Ira deweke njalok sepura lan ngakoni salah marang Ira lan koncone. Dek e seng deleh hpne Rudi nang tase Ira, ben Ira ora ganggu Sandi maneh. 


Koncone podo njalok sepura nang Ira amarga Ira ora salah seng salah Sandi. Sandi janji bakal ngrubah sifate seng elek lan manut karo perintahe sopo wae. Awale ora di percaya karo koncone amarga deweke wes jahat ngefitnah Ira. Tapi Ira percaya lan ndukung Sandi atine Sandi luluh amarga gelek dikei nasehat karo Ira. Tapi suwe-suwene koncone percaya lek sandi berubah dadi wong seng apik, manut, lan ora nakal. Ira seneng lek Sandi wes berubah dadi wong apik deweke isa ngerubah sifat elek e dadi sifat sing apik. Saiki Ira karo Sandi dadi konco lan konco liyane podo akur, ora enek masalah, nang kelas ayem tentrem lan damai.



Ikhtiar kang Manfaat
Dening : Yunanda Husnul Pratami
Kelas XII SMA iku ancen wes kudu nyiapno gawe ngelanjutno kuliah utawa kerja. Aku sing jek kelas XI iki ndelok kakak kelasku sing mlayu rono rene gawe nggolek informasi, ujian-ujian, tryout sampe ngesakno ngoyoh-ngooyoh, aku sing mung iso dungo gawe kelancarane kelas XII ben tercapai kabeh impiane. Amanda adek kelasku sing saiki dadi kakak kelasku wes kelas XII mergane deke melok program akselerasi ket SMP nganti SMA. 
“Man,  piye rasane dadi kelas XII?” takokku nang manda pas ketemu ing masjid.
“Butuh perjuangan mbk dadi kelas XII.” Jawabe ambek benakno sepatu
“Emange opo ae seh sing kudu dilakoni kelas XII gawe ngelanjtno ng kuliah?” takok lan mandangi wajahe manda sing serius.
“Kudu bener-bener siap diri mental lan sembarang kalire, akeh ujian-ujian UN lan SBMPTN, gak oleh nyerah opo ae resikone kudu dilakoni.” Jawabe manda dengan penuh semangat.
“Oala abot ancen yo kelas XII iku nentukono ape kuliah nandi”. 
Sakwise omong-omongan aku ambk manda pisah ng kelase dewe-dewe. Amanda arek sing gak gelem nyerah lan wani njupuk resiko opo ae. Kurang 5 wulan manda ape ngadepi UN deke sinau lan les terus-terusan ben gak kaget pas ngadepi UN. Diselingi ambek ibadah sing luwih kuat, saiki manda nemukno jati diri gawe wong muslimah sing bener, luwih alim ketimbang sakdurung-durunge.
“Mbk..aku saiki pengen luwih cidek ambek Allah, alhamdulillah saiki aku sadar nek aku iki akeh duso di masa lalu di umurku sing 16 tahun iki aku bersyukur enek kesempatan gawe nebus duso-dusoku iki. Tolong samean ilingno yo mbk nek aku enek salah-salah gawe seorang muslimh, podo-podo ngilingno sesama umate Kanjeng Nabi.” Curhatane manda nang aku pas lagi nyantai-nyantai ing omahe manda
“Alhamdulillah man tak dungakno, istiqomah terus ambek hijrahmu, mben inshaAllah aku iso nyusul awakmu yo hehehe. Aamiin” jawabanku ambk ngerangkul manda.


Ndelok manda sinau terus aku dungo nang ati ben manda entuk hasil sing muasno soale kabeh perjuangan pasti enek hasile. Saiki manda wes kuliah nang Universitas Indonesia jurusan Fakultas Kesehatan Masyarakat, alhamdulillah Allah pasti ngekeki hadiah gawe manungsa sing ikhtiar lan tawakal. Aamiin...


Persahabatan  
Dening : Galang Syahru Muzhir (  33 )

Wit iki sekitar 7 taun nuli yaiku panggon neng endi aku sanuli nunggu sahabatku mulih sekolah. Aku ro deweke beda sekolahan. Lan kabeneran sekolahne nduweni jam mulih sing luwih suwe tinimbang sekolahku.

Omah ku lan deweke pancen cedhak Mung pirang-pirang jangkah saka gerbang omahku, aku wis nganti neng gerbang omahe. Ning dudu mung amarga kuwi aku gelem nunggune nganti 1 utawa 2 jam-an.  Sahabatku kui jenenge Galang. Sahabat masa cilikku. Sahabat salawase kanggo aku.
“fira!”
“Wis nunggu suwe?” Takone. Aku gedek-gede. “ya uwis ayo!” Dheweke teras nggeret lengenku kanggo lunga. Tentu wae kanthi seneng ati aku manut wae. Lan akhire Aku lan Galang mandheg tepat neng ngarep tujuan sajrone iki. Stand cilik pangadol sosis bakar.

Kebiyasan ku lan Galag sadurung maju kanggo pesen yaiku bebarengan ngambu aroma gurih lan enak sing semerbak tekan irung nuli bareng padha ngucapke ukara lirih. “sosis bakarrr,”

Kuwi alasan sabenere. Aku lan Galang sanuli tukune samulih sekolah. Kanthi  urunan dhuwit jajan sing turah Aku lan Galang tukune lan mangane bebarengan mlaku mulih. Padahal wektu dak elingi saiki, rasa sosis kuwi padha karo umume.

Bokmenawa amarga Galang, sahabat paling becik selawase, nggawe sosis krasa beda neng ilatku wektu kuwi. Kebiyasanku lan Galang terus neras nganti lulus sma. Mbasi wis padha-padha tuwuh dewasa, ning wektu ana ing stand sosis obong iki, Aku lan Galang nglalekne kuwi kabeh. Nganti mubarang dina.
“Aku arep lunga,” jarene karo nyekeli jojohan sosis bakar karo mlaku.
“Menyang endi?” Takonku sing durung fokus amarga isih nglegena mangan sosis bakar kuwi.
“Amerika,”
“Pirang dina?” Takonku sing isih mangan sosis daripada ukara-ukara sing sahabatku omongake.
Galang mandheg mlaku. Nuli nyaka, ngadhep aku lan nguwaske mripatku.
Lan jebulna…
Aku ora ngerti sakwise persahabatan Aku lan Galang lasan taun kapungkur, Galang ngono ala ndeleke lelara kanker pankrease sing wis menginjak stadium akhir kuwi. Lan gobloke aku, aku ngelingake. Mung berselang setaun kawit kelungane menyang amerika kanggo mbisakne pangobatan, aku kudu nekani acara panguburanane. Galang tilar,
Awale aku nyat nesu banget babagan apa sing wis kedadean. Miturutku Galang yaiku wong paling ala sadonya. Ning, hal iki mbanjur neng kesedhihan lan penyesalan sing njero banget kanggo aku.
Aku sedih banget. Aku dadi pangurung lan rutin nekani kuburane. Ngresiki suket liar sing mbeling tuwuh lan mekewuhi kebecikan kijinge. Kedadean iki nimbulke kebiyasan anyar kanggo aku. 7 taun nuli. Kebiyasanku kuwi terus mbanjur nganti nang akhire simbok pitakon.

“Kowe arep menyang endi?”
“Tilik Galang, mbok,”
“Simbok serius. Kowe arep menyang endi?”
Aku meneng. Sabenere, aku ngerti pangarah saka pitakonan simbok kuwi. Ning aku sanuli lan terus mengalihke. Amarga nek nyat aku ngupadi kanggo njawab, dhadhaku bakal krasa sesek.

Aku ora seneng  amarga nek dhadhaku sesek, Galang bakal muncul neng pikiranku. Lan dina iki, kanggo ping pisan jero 7 taun, aku ora nekani kuburane Galang, sahabat sing tak demeniku.

Aku nekani wit gedhe iki, neng kene dhisik Aku lan Galang semasa sekolah, aku sanuli nunggune muncul karo ngeyup neng ngisor wit sing nuwa iki. Padha kaya aku sing wis umur 25 taun.
Dumadakan bayangan-bayangan Galang nekani aku. Wektu dheweke mlaku ngampiri aku. Nggeret lengenku. Mlaku bebarengan. Nuli nang akhire mandheg nang siji stand sing jebulna isih ana nduwe taun-taun kapungkur.
“Pak, sosis siji,”
Dumadakan sacara ora eling aku wis ana neng kene iki lan mesan sosis bakar neng kana. Aku mung bisa ngesem cilik. Galang, Kanggo sahabatku sing ana neng kana.


Aku ngangenke kowe karo sosis bakar sing awake dhewe tuku lan pangan bareng. Aku kangen kowe. Tenan. Apa kowe uga kangen aku? Aku nganti tersiksa digawene. Aku ndemeni kowe, sahabatku.



Nama : TEDY FIRMANSYAH
Kelas : XII IPS 4
NO      :34
Liburan Sekolah Kelas XI
Liburan sekolah wis teka nanging aku lan kancaku isih bingung arep liburan neng ngendi, “libur sekolah enake neng ngendi ya?” Takon aku marang kancaku. Dheweke njawab “enake mlaku-mlaku lan nggoleki kahanan anyar”. “Iya aku ngerti, nanging neng ngendi?” Takonku meneh marang dheweke, banjur dheweke njawabe: “Ya kaya ta menyang gunung utawa menyang kebon/alas ngunu”
Kanthi rai serius lan akhire aku oleh ide kanggo liburan menyang panggon sing becik lan kahanane kawah sing linuwih. Mesti pamasaran ta aku arep neng ngendi?
Esuke aku lan kancaku sing nduwe jeneng Andika kuwi nuju menyang panggon kuwi, nanging kancaku kuwi isih durung reti panggon tujuan sing arep dituju, kepeksa aku ora ngandhanekne dheweke dhisik. , sakwise meh nganti menyang panggon tujuan aku ngandhanekne jeneng panggon wisata sing tak tuju kuwi, kanthi rai seneng dheweke pitakon marang aku“panggon apa iki? Becik banget pemandangane lan udarane sejuk banget”. Aku kanthi bangga aku njawabe: “Iki panggon sing tak ngen-ngen sajroning iki yaiku gunung Bromo"
yen Kahanan alam sing becik, dalanan sing menggok-menggok, mawa udarane sing sejuk banget nggawe aku milih liburan menyang kene iki. Kanthi numpak montor aku lan Andika banjur anyak munggah menyang gunung bromo kesebut.
Sakwise sak jam kapungkur akhire nganti uga neng puncak Bromo, aku lan Andika banjur mudhun menyang padang pasir sing amba neng sekitar gunung Bromo, kanthi sethithik kendala yaiku ban montor sing sethithik kepleset mawa keblekok ngliwati padang pasir kesebut nanging semangat ku akhire nganti uga neng panggon parkir sing panggone tepat ana ing ngisor gunung Bromo
Kanthi rasa ora sabar aku ro Andika banjur markirke montor, banjur mlayu menyang undak-undakan sing dihubungna sikil gunung bromo kanthi puncak Bromo
Sakwise sekitar kurang luwih 10 menit munggahi undak-undakan kuwi akhire tekan neng puncak gunung Bromo, mung tembung sing terlintas neng benak kami yaiku “Bromo Apik "

Ya tembung kuwi sing tak pikirke sanganti neng puncak Bromo kesebut, saka puncak kuwi aku lan Andika ndeleng pemandangan sing becik lan alami. Mawa aku uga bisa ndeleng apa sing ana neng sikil Bromo saka kene conthone kaya: wong sing nunggang jaran utawa suku Tengger, banjur aku uga ndeleng montor sing tak parkir neng ngisor.






Comments